Minggu, 24 Agustus 2025

Piwulang 1

 

 

 

Kabeh wong mesthi seneng maca utawa ngrungokake dongeng. Kejaba critane nyenengake, isine dongeng uga ngandhut pitutur becik kang sinandi. Ing kasusastran Jawa dongeng iku ana akeh banget. Yen dipilah-pilah manut isine, dongeng bisa digolongake:

1.     Dongeng lucu

Dongeng iki mujudake dongeng sing nyritakake kedadean-kedadean lucu ing jaman sing kepungkur. Dongeng-dongeng lucu digawe kanggo aweh panglipur lan gawe guyune wong sing maca utawa ngrungokake.

2.     Fabel

Awujud dongeng sing nyritakake watak lan tumindake manungsa nanging digambarake kanthi paraga kewan. Fabel kanthi paraga kewan-kewan lumrah dianggo menehi pitutur marang wong sing maca utawa ngrungokake.

3.     Parabel

Yaiku dongeng sing isine nggambarake sawijining paraga sing duweni watak utawa tumindak tartamtu lan ngundhuh asiling tumindake mau. Dadi parabel iku dongeng sing bisa dianggo nyritakake ajaran agama, kabecikan, lan pranatan kanthi nggunakake pepindhan ( perbandingan ).

4.     Legenda

Dongeng iki isine nyritakake prastawa sing gegayutan karo dumadine panggonan utawa daerah. Apa sing njalari sawijining panggonan diwenehi aran kaya ngono.

5.     Sage

Sage yaiku dongeng sing isine ana gegayutane karo prastawa sejarah.

6.     Mite

ora bisa dibuktekake nyata lan orane.

Yaiku dongeng sing ana gegayutane karo mitos, keyakinan masyarakat, sing kala-kala


Saliyane bisa dipilah-pilah manut isine kaya ing dhuwur, dongeng uga ngandhut unsur- unsur wigati kaya: alur, paraga, latar, lan tema. Yen dijlentrehake kaya ing ngisor iki :

1.     Alur yaiku urutan kedadeyane prastawa ing carita. Alur iki bisa dibedakake alur maju, mundur lan campuran, manut urutan kedadeane. Yen alur maju, crita diwiwiti saka kedadean jaman biyen ( upamane wiwit paraga lair ) lumaku nganti saiki utawa besuke ( nganti paraga diwasa lan katekan apa gegayuhane ). Dene alur mundur suwalike, diwiwiti saka kedadean saiki, lumaku mundur marang kedadean sing wis mungkur. Yen alur campuran, ateges nganggo alur maju dicampur karo alur mundur.

2.     Paraga yaiku wong sing ngalami maneka prastawa ing carita. Para paraga ing carita duwe watak sing ora padha. Ana sing becik (jujur, welas asih, sabar, lsp.), ana uga sing ala (drengki, kejem, cengkiling, lsp.). Nemtokake watake paraga bisa saka keterangane panganggit bisa uga saka pacelathone para paraga.

3.     Latar yaiku unsur sing nuduhake papan panggonan lan wektu kedadeane prastawa ing crita.

4.     Tema yaiku underaning rembug ing carita, utawa sawijining bab sing dadi lelandhesan crita mau ditulis dening panganggit.

Supaya gampang nemtokake unsur-unsur ing carita bisa nganggo pitakonan kaya iki :

·       Kedadean sing ana ing crita sing kokwaca/ rungokake iku mau urutane kepiye? ( alur )

·     Sapa bae paraga sing ana ing carita lan kepiye wateke? ( paraga )

·       Kapanlan ing endi prastawa ing carita mau dumadi? ( latarpanggonan lan wektu)

·       Crita sing kokwaca/ rungokake isine nyritakake apa? ( tema )


 

Kanthi nganggo pitakonan-pitakonan ing dhuwur para siswa luwih gampang yen arep naliti isine crita/dongeng. Sing ora kalah wigati yaiku pitutur ( amanat ) ing crita. Panganggit gawe crita utawa tulisan mesthi duwe tujuan sing kepengin dikandhakake marang para pamaos. Tujuan/piwelinge panganggit iku sing diarani pitutur utawa aman

A.     Wacanen teks crita ing ngisor iki. Wenehana tandha ing tembung-tembung angel sing durung kokngerteni !

 

                                            DUMADINE DESA BANYU MUDAL

 

Kacarita nalika Sultan Agung Hanyakrakusuma ngasta punjere Mataram, ing sawijining panggonan kang adoh saka ramening kutha praja, ana wanodya ayu sesulih Rara Juminten. Wanodya mau yen dicandra, wah.  bebasan kurang candra turah rupa.

Rikmane ngandhan-andhan, pakulitane nemu giring, netrane ndamar kanginan, pasuryane ayu pisan. Panganggone nyamping batik, slendhang pangsi kang direnggani peniti, kalung, giwang, gelang lan binggel kabeh sarwa emas, prasasat kaya dene widodari kang mudhun saka kahyangan.

Wis ayu rupane Rara Juminten uga kalebu wanodya sing grapyak semanak, karo sapa bae seneng tetulung. Eloke, Rara Juminten duwe kaluwihan, yaiku tansah kecukupan kabutuhane banyu sanajan ing mangsa ketiga dawa pisan. Mula para warga kepengin bisa kaya dheweke. Wusanane para warga nekani Rara Juminten lan ngandhakake apa sing dadi gembolaning atine. Kanthi kebak trapsila Rara Juminten manggakake rawuhe tamu-tamune.

“ Den Rara Juminten, anggen kula keraya-raya ngriki badhe nyuwun pitulungan teng panjenengan, kersaa mbiyantu “ ujare sesepuhe warga.

“ Pitulungan ingkang kadospundi, Bapa. Saupami kula saged mbiyantu temtu manah kula remen sanget, “ ature Rara Juminten kanthi alus manuhara, gawe sengseme sing padha rawuh.

“ Ngaten, para warga kepengin dituduhaken tuk sumbering toya, saengga yen mangsa ketiga boten kasatan toya kados niki. “

“ O, mekaten kersanipun. Inggih, Bapa, kula mangke badhe ngupaya supados para sadherek ing ngriki saged pikantuk sumber ingkang ageng, ingkang nyekapi sedaya kabetahan toya warga ngriki. Kula nyuwun wekdal sawetawis, Bapa, mugi-


mugi gegayuhanipun para warga saged kasembadan. Nyuwun pangestunipun, ” ature Rara Juminten. Para warga rumangsa lega krungu kasaguhane wanita kuwi.

Rara Juminten banjur semedi telung dina suwene. Jroning semedi mau dheweke oleh wangsit saka Dewi Rantansari. Sabanjure dheweke nglumpukake para warga saperlu ngrembug apa asile semedi mau.

“ Para sadherek ingkang kula tresnani, sasampunipun kula nglampahi semedi, kula pikantuk wisik saking Dewi Rantansari. Isinipun, kita sedaya saged pikantuk sumber toya ingkang ageng, nanging   “ tembunge kandheg.

Nanging pripun.  ? sumaure para warga ora sabar.

“ Wonten pituwasipun, para sadherek... radi awrat. Kita kedah purun nglampahi menawi kepengin kasil !” wangsulane Rara Juminten.

“ Wis, apa bae wis, sing penting bisa duwe sumber banyu. “ Para warga saut- sautan sumaur.

“ Cobi, kula badhe njlentrehaken menapa ingkang dipunkersakaken Sang Dewi. Sedaya kersaa midhangetaken !” Krungu tembunge Rara Juminten kabeh pada meneng, kepengin ngerti apa sing arep diandharake.

“ Sang Dewi kagungan pamundhut tigang werni. Sepisan kita kedah ngurbanaken jaka kumalajengking, inggih menika jejaka ingkang taksih mudha tumaruna   

ature alon. Para warga padha njomblak krungu ature Rara Juminten.

“ Wadhuh.... lha kok nganggo kurban barang ? Ya ora bisa. Terus sapa sing didadekake korban ! “ wong-wong padha pating klesik munggel omongane wanita iku..

“ Pripun niku, Den Rara, kok ngangge kados ngaten. Boten saged, melasi sing dados korban. “ ujare sesepuh desa. Rara Juminten mesem ngujiwat.

“ Boten sisah kuwatos, Bapa. Kula wau dereng rampung matur. Kula ugi boten tegel menawi kedah wonten korban. Mila kula lajeng nyuwun supados korbanipun dipun gantos mawi maesa. Dipunparengaken, Bapa.”

Wah.... puji sokur amargi saged dipun gantos. Matur nuwun Den Rara  !”

“ Dereng rampung sadherek, kaping kalihipun, kedah nyawisaken rujak polo..... Sekedhap, sampun dipunpunggel, menika ugi kula suwun dipun gantos ngangge bubur sungsum dipunsukani juruh gendhis jawi kathahipun 40 takir. Lajeng pungkasan inggih ingkang kaping tiganipun, ngurbanaken prawan sunthi, kula suwunaken saged dipun gantos ngangge ayam kumadara ules pethak. Sedaya panyuwunan kula kangge nggantos sesaji dipuntampi, Bapa, “ ature Rara Juminten kanthi praupan sing bungah.

“ Dhuh Gusti Allah.... gunging panuwun dene Panjenengan sampun paring pitulungan kanthi lantaran wanita utami inggih menika Rara Juminten.   bapa tuwa

iku mundhuk-mundhuk ngaturake panuwun, nanging terus diaturi ngadeg dening Rara Juminten.


“ Boten sisah kados ngaten, tiyang gesang pancen kedah tulung- tinulung, Bapa. Kula remen saged mbiyantu sadherek sedaya. Mangga, sampun kedangon, enggal kita ayahi sesarengan !”

Upacara sesaji kanggo ngleksanakake pamundhute Dewi Rantansari diwiwiti ing panggonan sing wis ditemtokake. Kebo dibeleh, daginge diirisi mbaka sethithik banjur digule srana bumbu rujak wuni. Uga tumpeng damar murub, yaiku tumpeng sing ing pucuke ditancepi brambang abang lan lombok abang 40 iji, jajan pasar arupa gedhang pitung warna, gantal ( kinang ayu ) kanthi sisik kuning 40 iji, kecokbang, arang-arang kambang, bulus angrem sarta sawenehe omben kayata: jembawuk, kopi bubuk, kopi polong, teh diyang, godhong srep, jampang piyas, degan, rokok, lan dupa. Kabeh sesaji mau diwadhahi ing tampah dilemeki kain putih. Dene para wong lanang gawe pring dilancipi utawa digranggang.

Kabeh warga rame-rame nggawa sesaji menyang panggonan sing dituduhake Rara Juminten. Para wong lanang padha nggranggang lan ing panggonan kang dipendhemi endhas kebo mau banjur metu tuke. Saya suwe tuk mau saya gedhe, banyu sing mili saya akeh kaya kali. Saking bantere iline tuk nganti banyune mudal-mudal. Saka kedadean iku ing panggonan metune banyu mau banjur kawentar minangka Desa BANYU MUDAL, dene panggonan iline banyu kang digranggang mau kawentar minangka Kali GRANGGRANG.

 

( Jarwan bebas saka Pemalang Post, Mei 2005 )

 

TUGAS 1

Negesi Tembung

Sawise kokwenehi tandha tembung-tembung sing angel ing wacan, tulisen lan tegesana bareng karo kelompokmu kaya ing ngisor iki. Yen durung bisa, nyuwuna priksa marang gurumu !

1.      punjer                        : pusat

2.     kutha praja                  : panggonan sing cedhak karo kraton/ panguwasane ratu

3.     wanodya                     : wanita

4.     sesulih                        : arane

5.     dicandra                      : digambarake, dicritakake kanthi pepindhan

6.     kurang candra             : saking ayune nganti kurang tembung kanggo nggambarake

turah rupa

7.     ngandhan-andhan       : rambut sing ngombak banyu

8.     nemu giring                : candrane kulit sing kuning kaya temu giring

9.     netra                           : mripat, soca

10.  ndamar kanginan        : candrane mripat sumunar kaya diyan/ lampu sing kanginan


11.  pasuryan                     : rupa, rai

12.  nyamping                   : jarit

13.  pangsi                         : sutra cina

14.  binggel                       : gelang sikil

15.  kahyangan                  : panggonane para dewa

16.  grapyak                       : ............................................................................................

17.  semanak                     : ............................................................................................

18.  eloke                           : ............................................................................................

19.   wusanane                   : ............................................................................................

20.  gembolan ati               : ............................................................................................

21.  trapsila                        : ............................................................................................

22.  keraya-raya                 : ............................................................................................

23.  mbiyantu                    : ............................................................................................

24.  manah                         : ............................................................................................

25.  manuhara                    : ............................................................................................

26.  sengsem                      : ............................................................................................

27.  ngupaya                      : ............................................................................................

28.  sawetawis                   : ............................................................................................

29.  gegayuhan                  : ............................................................................................

30. kasembadan                : ............................................................................................


0 comments:

Posting Komentar