Serat Wulangreh
Wulangreh miturut Dojosantosa saka
tembung Wulang lan Reh. Wulang tegese wulangan (pelajaran)
dene reh tegese solah bawa (tingkah laku). Solah bawa ing bebrayan, solah bawa
nalika sowan ratu, solah bawa urip ing donya, solah bawa putrane ratu marang
andhahane, lsp. Dadi Wulangreh tegese wulangan kanggo manungsa babagan solah
bawa marang sapa bae ana ing alam donya.
Wulangreh iku anggitane Kanjeng
Susuhunan Pakubuwana IV. Serat Wulangreh satemene minangka pandom kanggo para
putrane sunan supaya tansah eling anane tandha- tandha mudhune solah bawa
nalika Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV dados ratu.
Riwayat Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV
Kanjeng Susuhunan Pakubuwana
IV miyos ing dina Kemis Wage tabuh 10 bengi, surya
Kanjeng Ratu Kencana minangka putra jaler nomer 17. Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV nalika timur asmane Raden Mas Gusti Subadiyo, bareng wis dewasa asmane dadi Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunegara Sudibyarajaputra Nendra Mataram. Panjenenane diwisuda dadi ratu ing dina Senen Paing,
surya kaping 28 Besar taun Jimakir 1714, utawa surya kaping 18 September 1788,
panjenengane kawentar
kanthi asma Sinuwun
Bagus.
Warisane Kanjeng Susuhunan Pakubuwana
IV akeh banget. Warisane iku awujud gedhong lan karya sastra tulis. Bangunan
sing nganti saiki isih bisa disumurupi upamane Masjid Agung, Gerbang Sri Manganti, Dalem Ageng Prabasuyasa, Bangsal Witana Sitihinggil Kidul, Pendapa Agung, lan
Kori Kamandhungan.
Pakubuwana IV marisi bakat keprabon uga
kapujanggan saengga bisa nglairake karya sing produktif lan kreatif. Konsep
ketatanegaraan lan keilmuan sing didamel dening Pakubuwana IV, ndadekake
piyambake diurmati dening kawulane lan kraton. Karya liyane sing kawentar yaiku
gawe seragam prajurit kraton. Maune seragam prajurit kraton nganggo model
Walanda, banjur diganti model Jawa. Kejaba saka iku, saben dina Jemuwah
Pakubuwana IV uga nganakake solat jamaah ing masjid agung. Abdi dalem sing arep
sowan kudu nganggo busana santri. Kabeh mau supaya uripe bebrayan bali maneh
ing budaya Jawa, ora kena pangaribawa budaya Walanda.
Karyane Pakubuwana IV ing babagan
sastra lan budaya akeh banget. Karya
sing kawentar upamane Serat Wulangreh, Serat Wulang Sunu, Serat Wulang Putri,
Serat Wulang Tata Krama, Donga Kabulla Mataram, Cipta Waskita, Panji Sekar,
Panji Raras, Panji Dhadhap, Serat Sasana Prabu, lan Serat Polah Muna Muni.
Panjenengane uga tau ngripta seprangkat wayang purwa sing diarani Kyai
Pramukanya.
Pakubuwana IV seda ngepasi surya kaping
23 Besar Alip 1747 wuku Marakeh, windu Kuntara, utawi surya kaping 1 Oktober
1820. Layon disarekake ing Imogori. Yuswane nalika mangkat 52 taun, sawise dadi
ratu 33 taun.
Isi Serat Wulangreh
Serat Wulangreh ana 13 pupuh tembang kang isine yaiku tembang Dhandhanggula 8 pada, Kinanthi 16 pada, Gambuh
17 pada, Pangkur
17 pada, Maskumambang 34 pada,
Megatruh 17 pada, Durma 12 pada, Wirangrong 21 pada, Pucung
23 pada, Mijil 26 pada, Asmarandana 28 pada, Sinom 33 pada,
lan Girisa 25 pada.
Dene isine serat Wulangreh pupuh Gambuh iku mujudake
pepacuh/larangan nindakaken piawon/kejahatan. Pupuh Gambuh jangkepe kaya ing
ngisor iki :
WULANGREH
Yasa Dalem : Sri Susuhunan Pakubuwana IV
PUPUH III G A M B U H
01
Sekar gambuh ping catur,
kang cinatur
polah kang kalantur, tanpa tutur katula-tula katali,
kadaluwarsa katutuh
kapatuh pan dadi awon.
02
Aja nganti kebanjur,
barang polah
ingkang nora jujur,
yen kebanjur
kojur sayekti tan becik,
becik ngupayaa iku,
pitutur ingkang sayektos.
Pokok-pokok isi tembang
Gambuh ing Serat
Wulangreh
Tembang gambuh ing serat wulangreh mratelakake babagan
solah bawa sing ala, wong kang ora gelem ngrungokake pitutur-pitutur sing becik lan sakepenake dhewe. Kabeh
manungsa ora entuk nglakoni tumindak sing ora jujur amarga
bisa ndadekake cilaka. Luwih becik menawa nggoleki pitutur sing bener sanadyan
diomongake dening wong kang asor drajate nanging manawa pitutur iku becik kudu
gelem nglakoni lan ngetuti.
Ana paribasan sing nyebutake “adiguna”
iku mung ngendel-endelake kasektene kaya ula, “adigang” kang ngendel-endelake
panguwasane kaya dene kidang lan “adigung” sing ngendel-endelake gedhene kaya
gajah. Kabeh iku mung nggambarake manawa manungsa aja ngunggulake awake dhewe,
amarga ing pungkasane bisa ndadekake awake dhewe dadi asor. “Adiguna” iku
manungsa kang ngendel-endelake kapinterane saengga nganggep wong liya bodho,
kamangka dheweke sing bodho. “Adigang” iku seneng pamer kendel marang wong
liya, kamangka manawa dheweke ana wong sing nantang satemene ora wani,
pungkasane dadi kembang lambe.
Wong
urip iku kudune
nyingkiri saka watak kasebut lan nduweni watak sing alus, sabar,
ati-ati ana ing solah bawa lan mikirake kanthi titi uga waspada marang tingkahe
wong liya. Amarga watak adiguna, adigang, adigung ing pungkasane bakal mati
bareng karo kabisane. Kabeh mau ora pantes ditiru lan watak iku padha karo
bocah enom sing durung bisa ngendaleni hawa nepsu, gampang diapusi manawa wis
dialem. Manawa bocah enom dialem, atine mbedhedheg, tambah gedhe endase.
Kamangka wong sing ngalem mung golek rai lan ana pamrihe sanadyan anggone
nglakoni nerak wewaler. Sawise entuk apa sing dikarepake, dhewe arep ngapusi
wong liya supaya entuk luwih akeh maneh.
Wong kang duwe watak ala ora pantes
sesambungan karo wong sing dhuwur drajate utawa pemimpin, amarga arep tumindak adol rai supaya
klakon gegayuhane. Kamangka
wong sing kaya mangkono kudu dipateni. Kajaba iku aja kakehan janji lan
ngapusi dikantheni watak kemaki
lan kegedhen rumangsa, kamangka akeh wong kang ngerti
mula padha mbuang rai. Mula aja duwe watak
sing kaya mangkono, amarga ing pungkasane wong liya bakal niteni
lan ngerti sapa awake dhewe banjur ora bakal dipercaya.



0 comments:
Posting Komentar