Lare-lare kelas wolu mesti sampun asring mirengaken pawarta ingkang dipun siyaraken lumantar televise utawi radio. Sampun asring ugi maos pawarta ingkang kaemot ing ariwarti utawi kalawarti, malah jaman samangke ugi lare-lare saged maos pawarta ing internet.
* ariwarti : layang kabar kang metune saben dina tuladhane koran.
Ariwati Basa Jawa upaminipun: Parikesit, Joko Lodhang, lsp.
*kalawarti : layang kabar kang metune mingguan
utawa wulanan tuladane
tabloid lan majalah.
Kalawarti basa Jaawi upaminipun: Panjebar Semangat,
Jaya Baya, Pustaka Candra,
lsp.
Nyemak utawi maos pawarta
nggadhahi tujuan werni
sekawan
1.
Saged mirengaken utawi
maos pawarta kanthi
sae.
2. Saged mangertosi wosing pawarta.
3.
Saged nemtokaken pokok-pokokipun pawarta
4. Saged nyariosaken malih isining pawarta
kanthi sae.
A. Wacanen pawarta ing ngisor iki, tulisen tetembungan sing durung kokngerteni tegese !
KAGAMA JAWA TIMUR NGECULAKE EWON TUKIK ING ALAS PURWO
Ana maneka cara mahargya dina kamardikan
Republik Indonesia . Lomba-lomba, tirakatan, pementasan, lsp. Keluarga Alumni
Universitas Gajah Mada ( Kagama )
Jawa Timur taun iki ( sasi Agustus 2015 ) lelungan
bareng menyang Alas Purwo, Banyuwangi,
saperlu ngeculke ewon tukik ( anak penyu ). Rasa syukur dadi bangsa sing
mardika diwujudake kanthi mardikakake makluk liya sing uga
bagean saka alam Nuswantara.
Kanthi tema “ Kagama Tukik Merdeka “,
peserta lan panitia budhal bareng saka Surabaya, numpak sepur. Tekan Banyuwangi
dipapag dening anggota Kagama sing dedunung ing kana. “ Kejaba anggota Kagama,
acara iki uga tinarbuka kanggo kancane anggota lan kulawargane. Yen ngajak anak
malah prayoga, amarga bisa menehi wawasan bab pelestarian alam, “ jlentrehe
ketua panitia Destina Kawanti. Bab kasebut sing ditindakake Ranti, anggota
Kagama Jatim saka Sidoarjo, “ Aku ngajak anakku tetelune, amrih sinau langsung
bab alam, uga bisa nuwuhake tresna marang sapepadhaning urip,” kandhane.
Kejaba saka Jawa timur, ana anggota lan
kerabat Kagama saka Ngayogyakarta kang uga ngregengake acara iki, yaiku
Munawar, Ika, Agung, Bondan, Zamzani, lan Dhika. Wong-wong mau melu antusias
amarga nalika ing Jogja wis akrab karo penangkaran tukik.
Ewon tukik sing diculake ing gisiking Ngagelan, Alas Purwo, mau ana telung jinis
tukik , yaiku tukik ijo, tukik klawu, lan tukik sisik. Sabenere ana patang
jinis, nanging jinis kapapat yaiku tukik blimbing, taun iki ora tekan
ndharatan, dadi ora ditemokake endhoge.
Tukik-tukik mau sing lagi netes, ana sing umur sedina nganti telung dina. Olehe
netesake semi alami. Yaiku diprenahake dening manungsa nanging dipapanake ing
lemah/alam. Carane, saben wengi endhog tukik dijupuki dening staf Taman
Nasional (TN) Alas Purwo, saka jam wolu bengi nganti kliwat tengah bengi.
Banjur endhog mau diurugi ing panggonan sing wis dicepakake. Ana pagere lan uga wuwungane. “ Yen panggonane
tinarbuka, bisa dicolongi menyawak utawa kethek, “ kandhane Ujang Wisnu Barata
salah sijine staf TN Alas Purwo. Yen tukik-tukik mau wis netes terus dipindhah
menyang panggonan ing sandhinge. Ing kono ana kolame, lan ana saperangan tukik
sing wis rada gedhe. Dene sing bayi-bayi mau terus diculake menyang segara. Olehe ngeculake wayah esuk, nalika laut durung pasang.
( PS, No. 35, 29 Agustus
2015 )
B.
Negesi Tembung
1.
mahargya : mengeti
2. tirakatan : wungon, melekan
kanggo sawijining kepentingan (tirakat : prihatin)
3.
dedunung : manggon
4. prayoga : becik, apik
5.
jlentrehe : ujare, keterangane
6.
amrih : supaya
7.
ngregengake : ngramekake
8.
maneka : ...................................................................................................
9. dipapag : ...................................................................................................
10. tirakatan : ...................................................................................................
11. gisiking : ...................................................................................................
12. antusias : ...................................................................................................
13. penangkaran : ...................................................................................................
14. tinarbuka : ...................................................................................................
1515. wuwungane : ...................................................................................................
C. Nulis Pokok-pokok Berita
Para siswa wis maca lan mangsuli
pitakone pawarta kang asesirah “ Kagama Jawa Timur Ngeculake Ewon Tukik ing
Alas Purwo “. Ateges para siswa wis
ngerteni apa isine pawarta mau.
Sing diarani pawarta yaiku laporan
ngenani sawijining prastawa utawa kedadean. Pawarta bisa ditemokake neng endi-endi. Bisa lumantar TV, radio, media
cetak, lan internet. Isine pawarta iku mujudake fakta-fakta. Yen pawarta ora
ngandhut fakta ateges padha karo pawarta sing ngayawara utawa disebut “ gosip
“, ora bisa diugemi kanyatane. Kanggo mbuktekake anane fakta-fakta ing sajerone pawarta,
bisa kanthi gawe pitakonan :
|
Apa Sapa Kapan Ing endi Kenangapa Kepiye |
|
Pitakon |
Fakta sing
digoleki |
|
1. Apa |
Kanggo nakokake prastawa sing kedadean |
|
2. Sapa |
Kanggo nakokake wong/ paraga sing kawogan ing prastawa mau |
|
3. Kapan |
Kanggo nakokake wektu
kedadeane prastawa |
|
4. Ing endi |
Kanggo nakokake panggonan kedadeane prastawa |
|
5. Kenangapa |
Kanggo nakokake jalaran/ sebabe prastawa mau
kedadean |
|
6. Kepiye |
Kanggo nakokake prosese
prastawa mau kedadean |
Saupama pitakon-pitakon mau diterapake ing pawarta “ Kagama Jawa Timur Ngeculake Ewon Tukik ing Alas Purwo “, bisa dijlentrehake mangkene :
|
Apa |
Kagama Jawa Timur
mengeti dina kamardikan kanthi kegiyatan nguculake
ewon tukik ing Taman Nasional Alas Purwo. |
|
Sapa |
Paraga sing mandhegani yaiku ketua panitia
Destina Kawanti lan anggota Kagama
liyane kalebu anggota
saka Yogya uga Staf Taman Nasional Ujang Wisnu Barata. |
|
Kapan |
Kegiatan
mau dileksanakake mbarengi karo pengetan kamardikan Indonesia
sasi Agustus 2015 |
|
Ing endi |
Kegiatan
mau manggon ing Taman Nasional Alas Purwo |
|
Kenangapa |
Tujuane
kegiatan mau saperlu melu partisipasi pelestarian alam ( kalebu kewan penyu ) lan nuwuhake tresna marang sapepadhane urip. |
|
Kepiye |
Lumakune kegiyatan, para anggota Kagama mangkat bebarengan
saka Surabaya menyang Banyuwangi banjur tumuju ing Taman Nasional Alas
Purwa. Lan ing kana banjur
ngeculake ewon tukik ing gisik
Ngagelan Alas Purwo. |
D.
Gawe lan mekarake Cengkorongan Teks Pawarta
Unsur-unsur Panulise Pawarta:
1.
Unsur Aktual
Pawarta sing arep koktulis
becike mujudake prastawa
sing lagi bae kedadean, isih dadi
kembang lambe, diomongake wong akeh.
2. Unsur Faktual
|
sawijining tokoh. |
3.
Unsur Wigati/ Penting
Unsur penting iki ana loro, sepisan: yen pawarta iku
ngenani panemu utawa pangandikan sawijining tokoh,
tokoh mau kudu wong sing penting, sing dikenal, dipercaya, lan dadi panutane
masyarakat. Kapindho, pawarta sing katulis ana gegayutane utawa
mumpangate kanggo wong akeh.
4.
Unsur Narik Kawigaten
Pawarta mau bisa narik kawigaten, ndadekake wong kepengin
ngerti, kepengin maca, upamane prastawa sing aneh, prastawa sing aweh
panglipur, ngandhut nilai kamanungsan, pendidikan, politik, kriminal, lan
liyane.
E. Maca pawarta
Mesthine para siswa wis kerep nonton
tayangan berita ing televisi. Kepiye panemumu tumprap para penyiare? Carane
maca mesthi apik, lancar, luwes, lan kepenak dirungokake. Sadurunge dadi
penyiar sing gamben kaya ngono, butuh latihan sing temenanan. Uga kudu ngerti
bab apa bae sing kudu digatekake nalika maca pawarta. Wacanen pituduh iki !
Tehnik Maca Pawarta :
1.
Lafal
: Cara pangucape vokal
lan konsonan
2.
Tekanan/ Nada
: Munggah lan mudhune pangucape
tembung ( tembung-tembung sing wigati bisa diwenehi tekanan sing luwih dhuwur )
3. Intonasi
: Munggah
mudhune lagune ukara.
4.
Jeda
: Mandhege
ukara, ana werna
3:
-
Jeda dawa ( . )
-
Jeda sedheng ( , )
-
Jeda cekak ( spasi
ing sela-selaning tembung/
frase )
5.
Volume
: Sora lan lirihe
swara
6.
Tempo
: Cepet lan rindhike
pamacane pawarta


0 comments:
Posting Komentar