Minggu, 24 Agustus 2025

Piwulang 4

 

                                         

  

                                            Ngaturake Pesan

 A.     Atur-atur

Atur-atur iku saka tembung lingga atur. Atur iku kalebu tataran tembung krama inggil. Tembung atur ngokone undang. Dadi, tembung atur bisa ditegesi undang. Tembung atur angger oleh ater-ater (awalan) dipun (di) lan panambang (akhiran) i, dadi tembung dipunaturi. Tembung dipunaturi tegese (ngokone) diundang. Dene angger oleh ater-ater anuswara am (m), dadi tembung matur. Tembung matur tegese kandha. Antarane tembung atur-atur lan matur, senajan tembung linggane padha, nanging tegese beda. Mula, tembung atur-atur iku tegese undang-undang.

Undang-undang ing kene dudu ateges ngundang wong kanthi suwara kang seru, nanging nggunakake tata cara tinamtu (tertentu). Pramila, tembung atur-atur iku mligi (khusus) kanggo ngundang kanthi lisan supaya wong sing diundang rawuh ing daleme sing ngundang (sing duwe gawe). Ngundang kanthi lisan iki sing merlokake tata cara tinamtu.

 

Tata Cara Atur-atur

Atur-atur iku dilakoni dening wong lanang (tiyang jaler), utawa bisa uga wong wadon (tiyang estri). Nanging lumrahe (umumnya) dilakoni dening wong lanang. Yen wong wadon biasane atur-atur kanggo njaluk tulung masak utawa tata dhahar. Dene tata carane atur-atur yaiku :

1.       Nganggo rasukan (baju) sing sopan, rapi, lan prasaja (sederhana). Kayata gambar ing ngisor iki.

2.       Pilih wektu sing pas, kayata ora bebarengan karo wektu sembahyang.

3.       Sawise tekan ing omahe sing arep diatur-atur, thothok lawang lan uluk salam.


4.       Sawise dibukakake lawang lan dimanggakake mlebu dening sing duwe omah, mlebua kanthi sopan. Aja langsung lungguh sadurunge sing duwe omah nyumanggakake lungguh. Banjur lungguha kanthi sopan lan ora grusa-grusu, sawise dimanggakake lungguh. Wujud lungguh kaya ngono bisa didelok saka gambar ing ngisor iki.


5.       Sawise lungguh, banjur matur apa sing dikarepake atur-atur (biasane sing duwe omah takon tujuane apa karo sing atur-atur). Olehe matur nggunakake basa krama alus kanthi solah bawa kang apik.

6.       Sawise sing duwe omah nanggapi atur-ature mau, lan rampung apa sing dikarepake atur- atur, banjur nyuwun pamit. Menawa disuguh unjukan, ya diombe ndhisik kanthi sopan sadurunge pamit.

7.       Sawise atur-atur wis rampung kabeh, prayogane caos (memberi) lapuran marang sing ndhawuhi (ngongkon) atur-atur, ora kena mung meneng bae. Kanthi mengkono ndadekake tentreming pikir sing didhawuhi lan sing ndhawuhi.



                                                                                    Werna-wernane Atur-atur

Ing bebrayan (masyarakat) Jawa, tembung atur-atur iku lumrahe digabung karo tembung kendhuren, pramila asring sinebut atur-atur kendhuren. Atur-atur kendhuren iku mengku teges ngaturi wong (tangga teparo) supaya wong kang diaturi kersa rawuh ing daleme wong kang ngaturi mau. Lumrahe wong kang ngaturi mau mesthine duwe perlu utawa kajatan. Kayata tasyakuran ningkahan, tasyakuran ngarani bayi (akekah), tahlilan, layatan, ngaturaken punjungan, ngaturaken uleman, ngaturi pasagatan (pacetan), ngaturi dhahar, lan sapanunggalane. Iku mau kalebu werna-wernane atur-atur.

Ing ngisor iki tuladha werna-wernane atur-atur. Coba saben siswa maca ing ngarep kelas salah siji tuladha atur-atur ing ngisor iki. Suwarane sing seru tur trep intonasine, supaya kancamu krungu lan kepenak olehe ngrungokake.

 

1.       Atur-atur Tasyakuran Ningkahan

Atur-atur tasyakuran ningkahan iku atur-atur kang isine ngundang wong kanggo ngrawuhi acara slametan ningkahan. Tuladha :

Darminto didhawuhi Pak Tohani supaya atur-atur ing tangga teparo, sebab Pak Tohani kagungan kajatan arep ningkahake putrane. Sore jam 16.00, Darminto wis adus lan nganggo rasukan kang sopan, miwiti atur-atur. Atur-atur kawiwitan ing daleme Pak Tomo.

Darminto        :    Assalamu’alaikum?

Pak Tomo       :    Wa’alaikum salam. E.. Mas Darminto, kene-kene mlebu bae, aja ning njaba.

Darminto        :                  Nggih, matur nuwun pak. Pak Tomo                        :                       Lha mangga lungguh kene.

(Pak Tomo lan Darminto lungguh adhep-adhepan)

Darminto  : Nggih Pak Tomo. Emm.. kepareng matur dhumateng ngarsanipun Bapak Tomo, mbok bilih wonten lepatipun atur kula ing samangke nyuwun pangapunten.

Pak Tomo   :  Iya... iya ora apa-apa, matur bae.

Darminto  : Sowan kula mriki ingkang sepisan niyat silaturahmi saha tuwi kawilujengan Bapak sakeluarga. Ingkang kaping kalihipun terang dipunutus Bapak Tohani mbok bilih mboten wonten alangan satunggal punapa, mbenjang sonten wanci tabuh 4 sonten Bapak kasuwun rawuh wonten papanipun Bapak Tohani saperlu kasuwunan berkah lenggah kenduri, kagem tasyakuran pernikahan putranipun.

Pak Tomo       :    Ooo ya, Insya Allah aku bakal sowan. Matur nuwun ya. Darminto         :                        Nggih Pak, sami-sami. Salajengipun kula nyuwun pamit. Pak Tomo   :                        Ya Mas Darminto, ndherekake, sing ati-ati.

Darminto        :                   Pareng. Assalaamu’alaikum. Pak Tomo       :           Wa’alaikum salam.

2.       Atur-atur Tasyakuran Ngarani Bayi (Akekah)


Atur-atur tasyakuran ngarani bayi iku atur-atur kang isine ngundang wong kanggo ngrawuhi acara slametan ngarani bayi utawa akekah. Tuladha :

 

Koko didhawuhi Pak Rasmuji saprelu atur-atur kang ancase arep maringi jeneng kanggo putrane Pak Rasmuji. Kanggo maringi jeneng kasebut, Pak Rasmuji ngundang tangga teparo supaya ndherek ndongakake putrane mau. Acarane arep dwiwiti dina Senin bengi jam 19.30. Pramila dina Minggune Koko wiwit atur-atur ing tangga teparo. Atur- atur kang wiwitan ing daleme Pak Teguh sing cedhak ndhisik. Ora lali Koko wis nganggo rasukan kang prasaja lan sopan.

Koko               :    Kula nuwun.... (lawang dithothok)

Pak Teguh      :    Mangga....    (saka    njero    Pak    Teguh                     mangsuli,        nanging                     durung mbukakake lawang) Sinten niku?

Koko               :    Kula, Koko....

Pak Teguh      :    O... Koko... (karo bukak lawang) lha mangga ra mlebu. Kene lungguh nang kursi. (wong loro wis padha lungguh). Dha slamet ta le....

Koko               :    Nggih.. berkahipun wilujeng.

Pa Teguh   :  Piye? Ana apa le  kok njanur gunung teka ning omahku.

Koko               : Badhe matur Pak Teguh, sowan kula mriki sepindhah silaturahmi, kaping kalihipun kula dipunutus kaliyan Pak Rasmuji bilih mangke dalu tabuh setengah wolu bakda isya panjenenganipundipunsuwun donga anggenipun paring asma putranipun Pak Rasmuji. Pramila panjenengan kasuwun rawuh wonten ing ngrika.

Pak Teguh   :  Ya, daktampa aturmu, nek ora ana alangan aku mesthi teka.

Koko               : Nggih pak, matur nuwun. Gandheng sampun cekap, kula nyuwun pamit. Pareng. (Koko nuli salaman karo Pak Teguh).

Pak Teguh   :  Ya sing ati-ati.

3.      
Atur-atur Tahlilan

 

Atur-atur tahlilan iku lumrahe dilaksanakake kanggo kirim donga wong sing wis tilar donya. Biasane keluarga sing ditinggal sing nganakake tahlilan bareng karo tangga teparo sing diundang. Pramila sing duwe kajat tahlilan kasebut kudu ngundang tangga teparo saperlu disuwuni pandongane kanggo sing wis tilar donya. Ing adat Jawa acara tahlilan lumrahe kaperang dadi pitu yaiku tahlilan nelung dina, tahlilan mitung dina, tahlilan matangpuluh dina, tahlilan nyatus dina, tahlilan mendhak sepisan, tahlilan mendhak pindho, lan tahlilan nyewu dina.

Tuladha:

Dina Setu iki Pak Wasito kagungan kersa mengeti 1000 dinane Simbah Darmojo. Widodo kadhawuhan atur-atur tahlilan ing tangga teparo, sebab Widodo iki bocahe alus lan tata kramane jangkep. Sore jam 17.00, Widodo miwiti atur-atur kawiwitan ing daleme Pak Mardi.

Widodo           : Assalaamu’alaikum. (Widodo ngadeg ing sangarepe lawang daleme Pak Mardi, swarane alus nanging cetha).

Pak Mardi  : Wa’alaikum salam. O, Nak Widodo, kene lungguh kene, kok sajak njanur gunung, rak padha slamet ta? (Pak Mardi lan Widodo lungguh adhep-adhepan)

Widodo           : Inggih Pak, kepareng kula matur Bapak. Ingkang sepisan sowan kula mriki tuwi kawilujenganipun bapak sakulawarga.

Pak Mardi   :  Iya, wis dak tampa, aku matur nuwun.

Widodo           : Salajengipun anggen kula sowan, kula dipunutus Bapak Wasito, panjenengan dipunaturi rawuh ing dalemipun, bakda Maghrib saperlu kirim donga tahlilan sewu dinten sedanipun Simbah Darmojo. Awit tasih kathah jejibahan ingkan dereng rampung, kula nyuwun pamit, menawi wonten solah bawa ingkang kirang mranani saha kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun pangapunten.

Pak Mardi  : Kabeh aturmu wis dak tampa, matura Pak Wasito, yen ora ana alangan sawiji apa, aku bakal sowan minangkani pamundhute. Menawa anggonku nampa tekamu mrene ana kaluputan lan kekurangane, aku njaluk pangapura uga, Nak.

Widodo           : Inggih Pak dhawah sami-sami, salajengipun kula nyuwun pamit, nuwun. (Widodo ngadeg, ngajak salaman Pak Mardi, karo awake rada mbungkuk)

Pak Mardi : Iya Nak ndherekake, sing ati-ati. Widodo     : Assalaamu’alaikum.

Pak Mardi   :  Wa’alaikum salam.

4.       Atur-atur Layatan

Atur-atur layatan iki lumrahe kanggo ngaturi ngerti sedulur sing rada adoh (tangga desa) babagan tilar donyane sedulure. Biasane angger sing cedhak karo sing tilar donya ora perlu dianakake atur-atur layatan saben omah tangga, cukup disiarake ing musholla. Ing ngisor iki tuladha atur-atur layatan.

 

Wektu kuwi dina Senin jam 2 awan, Mbah Darjan tilar donya kanthi yuswa 80 taun. Mbah Darjan iku bapake Pak Supri. Tilar donyane Mbah Darjan disiarake ing musholla. Para tangga akeh sing padha layat. Ananging sedulur sing adoh durung mesthi krungu kabar kasebut. Ing jaman biyen sedulur sing adoh dikabari lumantar atur-atur saka wong sing diutus kanggo atur-atur. Ndilalah Pak Parmin ketiban sampur dadi wong atur-atur. Pungkasane, Pak Parmin tindak atur-atur menyang tangga desa papan panggonane sedulure Pak Supri saperlu ngabari menawa Mbah Darjan Tilar donya.Sedulure Pak Supri iku asmane Pak Rahmat kang umure luwih tuwa tinimbang Pak Rahmat.

 

Pak Parmin     :    Assalaamu’alaikum? (Lawang omah dithothok)

Pak Rahmat    :    Wa’alaikum salam. (Lawang dibukak) Mangga pak pinarak ing nglebet.

Pak Parmin     :    Matur nuwun pak. (Pak Parmin mlebu lan wong loro wis lungguh adhep-adhepan)

Pak Rahmat    :    Nuwun sewu, panjenegan sinten? Saking pundi?

Pak Parmin : Nyuwun pangapunten, kula Pak Parmin saking Desa Gondang Winangun.

Pak Rahmat : Ooo Pak Parmin saking Desa Gondang Winangun. Lha wonten prelu napa rawuh ing gubug kula?

Pak Parmin : Kepareng matur dhumateng ngarsanipun Bapak, mbok bilih wonten lepatipun atur kula ing samangke nyuwun pangapunten. Sowan kula mriki ingkang sepisan niat silaturahmi. Ingkang kaping kalihipun nyaosi priksa bilih rikala wau siang wanci tabuh 2,simbah Darjan katimbalan sowan wonten ngarsa dalem Allah SWT.

Pak Rahmat  :  Innalillahi wa inna ilaihi rajiun. Lajeng badhe kasarekaken kapan?

Pak Parmin : Wondene jenazahipun badhe dipunsarekaken mbenjang siang wanci tabuh 11. Mbok bilih mboten wonten alangan setunggal punapa, Bapak kasuwun rawuh ta’ziyah wonten dalemipun Bapak Pak Suri ing Desa Gondang Winangun. Menika serat pawartos lelayu kula aturaken sumangga.

Pak Rahmat  :  Inggih matur nuwun. Insya Allah kula badhe ta’ziyah mbenjang siyang.

Matur nuwun kabaripun Pak Parmin. Pak Parmin  : Sami-sami pak, kula nyuwun pamit.

Pak Rahmat : Mangga-mangga, kula dherekaken. (Wong loroada salaman) Pak Parmn  : Assalaamu’alaikum.

Pak Rahmat  :  Wa’alaikum salam.

5.       Ngaturaken Punjungan

Punjungan yaiku nyaosi hadiyah kang arupa panganan (sega, jangan, lawuh, lan sapanunggalane) marang wong kang sepuh utawa dianggep sepuh kang ana ing sakiwa tengene omah. Biasane punjungan iku dilakoni dening wong kang duwe kajat (nigkahan, ngarani bayi, lan sapanunggalane). Wong kang duwe kajat kasebut ngutus salah siji wong supaya ngaturake panganan kasebut. Nalika ngaturake punjungan, kudu nggunakake basa krama kang apik, lan solah bawa kang apik uga.

Tuladha :

Jono diutus Pak Kartono supaya ngaturi sega punjungan ing daleme Pak Arif.

Kanthi rasukan kang prasaja lan sopan, Jono enggal-enggal mangkat. Jono       :                        Kula nuwun.

Pak Arif          :    Mangga. Oo nak Jono, kene mlebu nak Jono. Jono                        :    Nggih Pak Arif matur nuwun.

Pak Arif          :    Ana perlu apa nak Jono, dengaren?

Jono                : Kepareng matur dhumateng ngarsanipun Bapak Arif, sowan kula mriki ingkang sepisan silaturahmi, ingkang kaping kalihipun kula dipunutus Bapak Kartono ingkang pidalem wonten Desa Pamutih bilih Bapak dipuncaosi dhaharan, kagem tasyakuran anggenipun kagungan damel nikahaken putranipun.

Pak Arif  : E alah, kok ndadak nggawa dhaharan barang. Ya wis, taktampa, matur nuwun ya.

Jono                : Nggih pak, sami-sami, kula nggih matur nuwun. Salajengipun sarehning taksih kathah jejibahan ingkang dereng rampung, kulanyuwun pamit. Menawi anggen kula matur wonten kalepatan, kula nyuwun pangapunten. Nuwun.

Pak Arif    :  Ya, ya, takdherekake.

 

 

6.       Ngaturaken Uleman

Ngaturaken uleman iku padha karo ngaturake layang ulem (surat undangan). Layang ulem iku isine werna-wena, kayata uleman ningkahan, uleman pasang molo (gawe omah), uleman supitan (sunatan), lan sapanunggalane.Menawa wong duwe gawe pasang molo biasane sing duwe gawe ngutus salah siji wong kanggo ngaturi layang ulem. Mesthine kanggo ngaturake layang ulem kasebut diperlokake basa kang apik lan sopan. Ing ngisor iki tuladha pacelaton bab ngaturaken uleman.

 

Dani ndilalah dadi utusane Pak Sugi kanggo ngaturake layang ulem ing tangga teparo. Pak Sugi kagungan kajatan arep ningkahake putrane sing kaping pindho. Sawise nganggo rasukan kang sopan Dani wiwit budhal ngaturake uleman. Omah sing wiwitan dituju yaiku daleme Pak Pardi.

Dani                :  Kula nuwun.

Pak Pardi  : Mangga-mangga, pinarak nglebet Mas Dani. Dani                        : Matur nuwun Pak Pardi.


Pak Pardi   :  Piye? Ana perlu apa kok dengaren dolan ning omahku.

Dani                : Nuwun sewu, sowan kula wonten ngriki, sepisanan kula silaturrahmi, dene kaping kalihipun kula dipunutus panjenenganipun Bapak Sugi, saperlu ngaturaken layang ulem sedahan kagem panjenengan sekalian.

Pak Pardi   :  Ya, daktampa layange.

Dani                : Matur nuwun pak, gandheng taksih kathah jejibahan kula nyuwun pamit. Nuwun.

Pak Pardi   :  Ya, padha-padha. Mangga dakdherekake.

   7.       Ngaturi Pasugatan (Pacetan)

Ngaturi pasugatan (pacetan) iku beda karo atur-atur liyane. Bedane menawa ngaturi pasugatan iku angger ana tamu banjur tamune disuguhi pacetan. Mesthine sing ngaturi pacetan mau kudu nyumanggakaken (mempersilahkan) supaya tamune kersa nyicipi pacetane mau. Anggone nyumanggakaken kudu nggunakake basa kang trep lan sopan.

Sawise tamu padha pinarak, lan pasugatan wis cumawis, salah siji wakil saka pihak keluarga sing duwe kajat, nyumanggakake kanthi basa kaya mangkene: “Kepareng matur Bapak, Ibu sekalian, saderengipun, lepat kula nyuwun pangaputen. Ingkang salajengipun panjenengan sekalian dipuncaosi pasugatan menapa wontenipun, sumangga kula aturi ngunjuk saha ndhahar kanti prayogi. Matur nuwun.”

8.       Ngaturi Dhahar

Ngaturi dhahar iku padha karo ngaturi pasugatan, namung bedane ana ing dhaharane. Tegese dhaharan ing kene yaiku dhaharan sekul (sega). Pramila nalika ngaturi dhahar tamu uga kudu nggatekae basa kang trep lan sopan. Tuladhane : “Kepareng matur Bapak Ibu sekalian, gandheng lenggah panjenengan sampun sauntawis, saking kersanipun ngkang kagungan kajat, panjenengan dipuncaosi kurmat dhahar.Pramila mangga lenggahipun kula aturi jengkar (pindhah)tumuju sasana boga. Matur nuwun.”

 


0 comments:

Posting Komentar