Wacan
naratif yaiku wacan kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kanthi
urutan waktu menyang waktu kang dijlentrehake kanthi urutan awal, tengah, lan
akhir. Pamaos kaya – kaya nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau.
Utawa wacan kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning
prastawa, kang winates ing sajroning wektu. wacana narasi iku adate duwe
perangan pokok yaiku kedayean, paraga, lan konflik.
Ciri utawa titikane wacan narasi
iku:
a. Isi bab carita prastawa utawa kedaden.
b.
Wacan narasi iku duwe unsur tokoh/paraga, prastawa, wektu.
c. Wacan narasi bisa awujud fiksi
lan nonfiksi.
d.
Wacan narasi iku duwe tujuan nuwuhake kesan utawa pengalaman
kanggo sing maca.
Wujude wacana Narasi kaya ngisor
iki:
1. Narasi Informatif
Wacan narasi
informatif iku biasane duwe tujuan menehi informasi kanthi trep ngenani
sawijining prastawa kanthi maksud njembarake seserepan prastawa marang wong
liya.
2.
Narasi Ekspositoris
Narasi Ekspositoris yaiku wacana kang mung menehi katrangan lugu/
apa anane.
Upamane :
Siswa nyeritakake kedadeyan ana ing jero kelas nalika piwulangan Basa Jawa.
utawa kanca nyritakake kedadeyan kang diweruhi nalika dolan.
3. Narasi Artistik
Wacan narasi
artistik iku wujud karangan kang duwe maksud lan tujuan khusus, biasane arupa
amanat marang pamaos kaya-kaya nyekseni dhewe prastawa kanthi langsung.
4. Narasi Sugestif
Narasi
sugestif yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pangangen
– angene wong kang maca.
Upamane : dongeng , cerkak, novel, roman.
A. Pasinaon 1
Wacanen teks
narasi kang awujud cerkak iki lan tulisen tegese tembung-tembung ing ngisor
wacan!
Nguber Layangan Pedhot
Saben awan nganti sore wayah ketiga ing lapangan ngarep omahe Toni
rame bocah padha layangan. Ing omahe, Toni bukak warung adol layangan karo
kebutuhan liyane kaya kertas, bolah lan gulungan. Rega layangan kuwi murah mung
Rp. 1.000. Sinambi jaga warung, ibuke ya gawe balungane layangan, yen wis akeh
disetor menyang pengepul.
Saben dina ndeleng carane nggawe layangan, Toni wusanane uga bisa
nggawe dhewe. Malah luwih apik ketimbang gaweyane wong tuwane. Layangane Toni
diwenehi kembangan werna-werni, diwenehi buntut dawa, dimodel kapal, lan
digambari kartun. Satemene mung dinggo dolanan dhewe nanging yen ana kancane
sing kepingin ya bisa pesen.
“Ton, aku pesen layangan gambar buta melet kaya duwekmu sing
menang kuwi ya?” pitakone Zaki.
“Menang dudu perkara layangane tapi bolahe. Yen gelasane landhep
menang nggo sambitan. Buta melet kuwi kowe wani pira?” Toni nerokake iklan ing
TV
“Piye yen
5000? Mengko aku tuku bolahe ing warungmu pisan,” wangsule Zaki. “Oke. Yen wis rampung mengko dak terake menyang omahmu,” tandhese Toni.
Gawe rancangane, pring diirat cilik-cilik dawa nganti alus
watarane kanan kirine iratan pring mau kudu imbang. Ana balungan loro, sing
ngadeg karo sing malang. Nanging sing malang ndelehe ing ndhuwur kira-kira
saprolimane pring sing ngadeg. Banjur kekarone ditaleni dadi siji. Sabanjure
ditempeli kertas kang wis dilim, dadi wis layangan mau. Yen wis dadi bisa
diwenehi kembangan kaya buntut dawa, suwiwi, utawa ditempleki gambar.
Awan iku Toni lagi layangan. Angin gedhe maburake layangane nganti
dhuwur. Ditarik-tarik karo bolah kang dadi setire. Panase srengenge ora dirasa
bocah sing dolanan amarga padha keselimur rasa seneng. Sriwing-sriwing angin
ngelus-elus rambute Toni sing lurus dipiyak tengah model mandarin. Yen akeh sing layangan mula langit dadi saya endah, kaya
manuk miber werna-werni. Yen ana layangan pedhot, bocah ing lapangan padha
nututi arep rebutan. Mlayu kesit karo ndhangak tumuju panggonan cebloke
layangan kuwi, kadhang ana sing kesandhung nganti tiba. Sing nguwatirake yen
mlayu ing dalan gedhe ora tolah-toleh bisa-bisa ketabrak montor.
Ora suwe ana layangan pedhot maneh, akeh bocah mlayu nututi.
Nanging layangan kuwi nyangsang ing cagak listrik. Bolahe nglewer ing kabel lan
wit gedhe. Zaki nggawa gantar dawa, layangane disenggek nganti kena. Udin menek
wit mau nggoleki pedhotane bolah arep ditarik ben layangane kena. Ngerti kaya
mangkono bapake Toni sing lagi ing omah, metu marani bocah kuwi.
“Zaki, kuwi listrik le, yen konslet trus kobongan piye?” pituture.
Bapake nuturi kabeh bocah kang ana. “Udin, ayo mudhun. Mengko tiba lho!”
tambahe. “Layangan kuwi regane murah tapi yen pedhot dadi rebutan. Apa sing
kowe tindakake kuwi bahaya mung jalaran rebutan barang sing sepele,” imbuhe.
Yen dolanan layangan kudu ing lapangan utawa pekarangan jembar lan
adoh saka kabel. Ora kena nyepelekake ing latar omah dhempet-dhempetan,
apamaneh ing pinggir embong dalan gedhe. Ing desane Toni tau ana bocah nguber
layangan nganti kejeglong ing pawuhan kang mentas dinggo bakaran. Bocahe
mlonyoh sikile.
Saben ibuke Toni nyapu latar,
kerep mrangguli yen sapune kejiret bolah layangan.
Yen wis ngono iku angel jupukane, kadhang
malah bisa nyerimpeti sikil.
Bakda ashar
Toni mulih saka dolanan. Ibuke isih nyapu, bapake lungguh ing emperan. “Yen ana
layangan pedhot kowe ora usah melu nututi ya le. Layangan kuwi regane
murah tapi yen pedhot mesthi dadi rebutan, apa sebabe?” pitakon
bapake. “Sebabe layangane sae,” wangsule Toni.
“Dudu kuwi,” jawabe bapake.
“Sebab gratis, ora usah tuku,”
jarene Toni maneh.
“Uga dudu,” jawabe bapake maneh. “Ngene lo. Sebabe kuwi satemene
merga beda rasane. Senajan murah tapi yen asile saka rebutan kuwi ana rasa
bangga dhewe tinimbang tuku. Iya ta?” pitutur bapake.
Toni mung meneng.
“Mula kowe ya kudu bisa nguber cita-citamu senajan rekasa supaya
sukses lan mongkogake wong tuwa,” tambahe ibuke.
“Inggih Pak, Buk!” jawabe Toni. Dheweke isih tetep meneng mikirake
filosofi nguber layangan pedhot kuwi.
1.
Mangsuli pitakon nganggo basa karma
Unggah-ungguh basa ana werna loro yaiku:
1.
Basa ngoko : basa kang digunakake kanggo wong
sapadha-padha kang wis kulina banget (akrab banget) lan karo wong liya sing
kaprenah nom. Basa ngoko ana werna loro yaiku ngoko lugu lan ngoko alus.
2.
Basa krama : basa kang digunakake wong nom
marang wong kang luwih tuwa. Basa krama ana werna loro yaiku krama lugu lan
krama alus.
Yen kowe
matur karo wong sing luwih tuwa, luwih apik yen matur nganggo basa krama alus.
Upamane yen matur karo wong tuwa, bapak utawa ibu guru, simbah, lan
sapanunggalane. Basa krama alus mau mratandhani yen kowe ngajeni utawa ngregani
wong liya sing koajak omong-omongan.




0 comments:
Posting Komentar