Minggu, 24 Agustus 2025

Piwulang 2

 

       

SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR


 

Kathah Kapustakan Jawi tetilaranipun para leluhur ingkang isi piwulang utami, ngewrat pitutur pitedhah ingkang pantes tinepa tinuladha, minangka gegaran paugeraning agesang.

Ingkang dipunwastani kapustakan Jawi inggih punika sedaya serat-serat carita ingkang ngangge basa Jawi. Ing kapustakan Jawi serat –serat punika kaperang dados :

1.       Serat-serat Jawi kina ingkang golongan sepuh kados Serat Ramayana, serat Candra karana, serat Bharatayudha lan sapanunggalanipun.

2.       Serat-serat Jawi kina ingkang golongan enem kados serat Negarakertagama, Sutasoma, Tantu Panggelaran lan sapanunggalanipun.

3.       Serat-serat Jawi ing jaman Surakarta awal kados serat Babad Giyanti, serat Menak, serat Wulangreh lan sapanunggalanipun.

Serat Wulangreh anggitanipun Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV, dhapukaning basanipun limrah, tetembunganipun wantah, prasaja lan lugu, gampil dipuntampi utami dipunmangertosi, kamangka suraosipun tetep panggah adi luhung.

Awit saking punika boten nama aneh menawi ing jagad kejawen Serat Wulangreh punika kajuwara sanget, jalaran :

1.           Isinipun ngemot piwulang kasaenan, ingkang kenging kangge gondhelan netepi darmaning gesang.

2.           Dhapukaning basanipun limrah, tembung-tembungipun wantah, boten adakik- dakik, ceplas-ceplos genah ; ingkang makaten punika wau nggampilaken panampining suraos.

3.           Pujangganipun priyagung luhur ingkang pantes pinundhi-pundhi, ingkang mberkahi lan nyawabi ing jagading gesang bebrayan Jawi, inggih punika Kanjeng Susuhunan Paku Buwana IV, ingkang kasuwur lurus ing budi, wimbuh bagus ing rupa.

Isinipun Serat Wulangreh kenging keringkes makaten

1.       Piwulang caranipun tiyang milih guru.

2.       Piwulang caranipun tiyang milih sesrawungan.

3.       Piwulang sampun ngantos sanget-sanget nggadhahi wewatakan : adigang, adigung lan adiguna.

4.       Piwulang bab tatakrama lan sanes-sanesipun.


Jangkepipun pupuh pangkur mekaten:

Teks Pangkur ing serat Wulangreh Pada 1

Kang sekar pangkur winarna, lelabuhan kang kanggo wong ngaurip, ala lan becik puniku,

prayoga kawruhana,

adat waton puniku dipunkadulu, miwah ingkang tata krama,

den kaesthi siyang ratri.

Terjemahan bebas basa Jawa ngoko

Terjemahan bebas basa Indonesia

Wewarah/piwulang kaemot ing tembang pangkur, prayogane kok mangerteni, bab pengabdian marang panguripan, ala lan becik, adat lan aturan perlu uga kok mangerteni,

saben dinane aja padha nglalekake tata krama.

Nasehat ini dimuat dalam tembang Pangkur, seyogyanya kamu memahami hakikat pengabdian bagi kehidupan, tentang baik buruk, adat dan aturan juga perlu diketahui, tiap hari jangan lupakan tata krama.

Teks Pangkur ing serat Wulangreh Pada 2

 

Deduga lawan prayoga, myang watara riringa awya lali,

iku parabot satuhu, tan kena tininggala,

tangi lungguh angadeg tuwin lumaku, angucap meneng anendra,

duga-duga nora kari.

 

Terjemahan bebas basa Jawa ngoko

Terjemahan bebas basa Indonesia

 

Nenimbang sadurunge tumindak, nenimbang bab-bab sing apik, ngira- ngira apa sing arep ditindaake, ngati- ati ngadhepi sakabehene kang durung mesthi, aja nganti lali parabot kuwi lan ora kena dilaleake embuh iku

nalika lungguh, ngadeg, mlaku, ngomong, meneng lan nalika turu.

Mempertimbangkan sebelum bertindak, mempertimbangkan hal-hal yang baik, mengira-ira apa yang akan dilakukan, berhati-hatilah, tidak boleh kau lupakan, baik ketika sedang duduk, berdiri berjalan, berbicara, diam maupun tidur.

 



 

 A.    Daftar tembung-tembung kang angel

1.   winarna         : diceritakake

2.   prayoga         : apik, becik, nenimbang bab-bab sing apik

3.   deduga          : nenimbang sakabahane sadurunge tumindak

4.   watara           : ngira-ira, mikir-mikir apa sing arep ditindaake

5.   reringa           : ngati-ati jalaran ngadhepi sakabehane kang durung mesthi

6.    kadulu          : deleng

7 . riringa            : kanthi pangati-ati amarga sujana ( ora percaya )

8.     awya             : aja

9.     nenda            : turu

10.   muwah         : lan, tur,kari, maneh


Pokok-pokok isi serat Wulangreh Pupuh Pangkur


Tiyang gesang punika kedah saged mbedaaken saha nyumerepi “ awon “ tuwin “ sae  “ sarta tansah nglenggahana “ tatakrama “.

Prabotipun tiyang gesang ingkang boten kenging dipuntilar inggih punika

-  deduga ( nenimbang sedayanipun sadurungipun tumindak )

-  prayoga ( sae, nenimbang bab-bab ingkang sae )

-  watara ( ngukur, menggalih menapa ingkang badhe dipuntindaaken )

-  reringa ( ngatos-atos amargi ngadhepi sedaya ing kang dereng mesthi )

 

Tiyang tangi, lungguh, ngadeg, lumampah, gineman, mendel, tilem sarta sabarang damel prakawis ageng alit, kangge ing sadinten-dinten, rinten dalu,ing kutha menapa dene ing dhusun, sadaya titah ingkang sami ambegan, sampun ngantos nilar sakawan bab kasebut.

Wewatakaning manungsa ingkang pinter, ingkang bodho, luhur, asor, mlarat, sugih, ngulama, maksiyat, kendel, ajrih, punapa malih tiyang ingkang saestu nyumerepi, jalera- estria sami kemawon, sedaya wau katitik saking “ laku, linggih, solah, muna lan muni- muni.

Ing Jaman samangke kathah tiyang ingkang gadhah watak : drengki,srei, dora, iren, meren, dahwen, panasten, muthakil, besiwit, awoning sanes dipunudhal-udhal, saenipun dipuntutupi, nanging saenipun piyambak dipunumukaken, boten rumaos bilih awonipun piyambak kathah sanget, tiyang makaten punika kalebet tiyang ingkang “durjana murka “ tegesipun tiyang ingkang jahat, boten gadhah pamarem, ngumbar amarah, boten kenging kasoran, pangraosipun boten wonten tiyang ingkang myameni (madhani), tiyang kados makaten boten kenging dipuncelaki.

Awit saking punika sampun ngantos katempelan wewatekan kados makaten wau tansah samia ngudi lelabuhan ingkang pantes dipuntuladha.


0 comments:

Posting Komentar