Kacarita ing jaman mbiyèn ana wong saka Tanah Hindhustan anom
jenengé Aji Saka. Dhèwèké putrané ratu, nanging kepéngin dadi pandhita sing
pinter. Kasenengané mulang kawruh rupa-rupa. Dhèwèké banjur péngin lunga
mencaraké ngèlmu kawruh ing Tanah Jawa.
Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah
Jawa, karo abdiné papat sing jenengé Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng
tekan ing Pulo Majethi padha lèrèn. Aji Saka banjur nilar abdiné loro; Dora lan
Sambada ing pulo iku.Déné Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa
dhisik. Dora lan Sambada diweling ora olèh lunga saka kono. Saliyané iku abdi
loro wau dipasrahi keris pusakané, didhawuhi ngreksa, ora olèh dielungaké
marang sapa-sapa.
Aji Saka banjur tindak karo abdiné loro menyang ing Tanah Jawa.
Njujug ing negara Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu
Déwata Cengkar. Sang prabu iku senengané dhahar dagingé wong. Kawulané akèh
sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihé ngaran Kyai
Tengger.
Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru,
wong-wong padha mlebu dadi siswané. Para siswané padha tresna marang Aji Saka
amerga dhèwèké seneng tetulung.
Nalika semana Aji Saka mondhok nèng omahé nyai randha Sengkeran
dipèk anak karo nyai randha. Kyai patih karo nyai randha iya wis dadi siswané
Aji Saka.
Anuju sawijining dina sang prabu Déwata Cengkar duka banget ora
wong manèh sing bisa didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosaké sang nata dadi
dhaharané.
Sang nyai randha lan patih dadi kagèt banget. Nanging Aji Saka
celathu yèn wong loro iku ora usah kuwatir yèn dhèwèké ora bakal mati. Banjur
Aji Saka diateraké ngadhep prabu Déwata Cengkar.
Prabu Déwata Cengkar ya rumangsa éman lan kersa ngangkat Aji Saka
dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana siji panyuwuné, ya iku nyuwun
lemah saiket jembaré. Sing ngukur kudu sang prabu dhéwé.
Sang prabu Déwata Cengkar iya banjur nglilani. Nuli wiwit ngukur
lemah diasta dhéwé. Iketé Aji Saka dijèrèng. Iketé tansah mulur baé, dadi amba
serta dawa. Iya dituti waé déning sang prabu. Nganti notog ing segara kidul.
Bareng wis mèpèd ing pinggir segara, iketé dikebutaké. Déwata Cengkar katut
mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara
kidul.
Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratuné sing
diwedèni wis sirna. Seka panyuwuné wong akèh. Aji Saka nggantèni jumeneng ratu
ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk prabu jaka, iya prabu Widayaka. Déné
patihé isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadèkaké
bupati, ngarané tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga.
Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si
Sambada. Kacarita sang prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai
patih serta para bupati. Sang prabu kèngetan abdiné sing didhawuhi ngreksa
pusaka keris ana ing Pulo Majethi. Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriyé
wartané si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis
suwé ora krungu apa-apa.
Kacarita si Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi.
Wong loro iku wis padha krungu pawarta manawa gustiné wis jumeneng ratu ana
ring Mendhung Kamolan. Si Dora ngajak sowan nanging si Sambada ora gelem awit
wedi nerak wewaleré gustiné, ora pareng lunga-lunga seka pulo Majethi, yèn ora
tinimbalan.
Nanging si Dora nékad arep sowan dhéwé. Si Sambada ditilapaké.
Banjur mangkat ijèn waé. Ana ing dalan si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga
lan Prayoga. Utusan loro mau banjur diajak bali déning si Dora. Awit si Sambada
dijak ora gelem. Wong telu banjur sowan ing ngarsané sang prabu.
Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan diwangsuli yèn
dhèwèké ora gelem diajak. Mireng aturé si Dora, sang prabu duka banget, lali
dhawuhé dhéwé mbiyèn. Banjur
Dora,
didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan nimbali si Sambada. Yèn meksa ora gelem
didhawuhi dirampungi lan kerisé dibalèkaké.
Dora sanalika mangkat. Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada.
Kandha yèn mentas sowan gustiné. Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris
didhawuhi nggawa. Nanging si Sambada ora ngandel marang kandhané si Dora.
Banjur padha padu ramé. Suwé-suwé padha kekerangan, dedreg ora ana sing kalah,
awit padha digdayané. Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti
nyuduk. Wekasan perangé sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabèh.
Sang Prabu ngarep-arep tekané si Dora. Wis sawetara suwéné teka
durung sowan- sowan mangka didhawuhi énggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung
Duduga lan Prayoga. Didhawuhi nusul si Dora menyang pulo Majethi. Sanalika
banjur mangkat.
Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kagèt banget déné
si Dora lan si Sembada ketemu wis padha mati kabèh. Tilasé mentas padha
kekerangan padha tatu kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumléthak
ana ing sandhingé. Pusaka banjur dijupuk arep diaturaké marang gustiné.
Duduga lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsané gustiné lan
mratélaké kahanané. Sang Prabu Widayaka kagèt banget mireng pawarané, awit
pancèn kaluputané dhéwé wis kesupèn pandhawuhé. Banjur sang prabu nganggit
aksara Jawa nglegena kanggo mèngeti abdiné loro iku. Dene aksara mau unine :
"Hana
caraka" tegesé "Ana utusan" "Data sawala" tegesé
"Padha garejegan"
"Padha
jayanya" tegesé "Padha digjayané" "Maga bathanga"
tegesé "Padha dadi bathang".


0 comments:
Posting Komentar