A. Wacanen lan semaken tuladha
pengalaman pribdi ing ngisor iki!
wacan 1
Lomba 17 Agustus
Esuk kuwi
srengenge nuduhake cahya kang padang tanpa ana sing ngaling-ngalingi.
Manuk-manuk padha muni kaya ngaturake salam marang mahluke Gusti kang esuk kuwi
wis semlikut tumandang nyambut gawe. Sawah katon teles, mratandani banyu mbun
durung ilang saka damen. Hawane seger, krasa banget tekan paru-paru nalika aku
nyerot ambegan. Swasana esuk kuwi jan penak banget.
Kira-kira limalas menit aku ngadeg nggejejer ing ngarep jendela
kanggo ngrasakake segere esuk. Ujug-ujug saka jero omah ibuku mbengok-mbengok,
“Saa...,
cepetan mudhun, adus, sarapan, mangkat sekolah, wis awan!” “Sekedhap Bu, taksih
enjang kok.”
“Esuk? Delok jam!”
“Inggih, Bu.
Kula mandhap badhe adus.” “Iya cepetan, iki ibu wis gawe sega goreng.”
Bar adus aku tata-tata nganggo seragam sekolah, jungkatan, wedakan
lan nyemprot parfum. Ibuku wis ngenteni ing meja dhahar,
“Iki lho
sega gorenge, wis dak cepakake wiwit mau.” “Inggih Bu, kula telasake.”
“Nah bener kuwi, yen mangkat sekolah apike sarapan dhisik, ben
bisa konsentrasi sinau ing sekolah.”
Karo sarapan aku matur marang ibu manawa mengko sore arep melu
lomba-lomba mangayubagya 17 Agustus.
Wayah sore
bocah-bocah wis padha kumpul ing lapangan voli. Rame banget swarane. Panitia
lomba nyetel dvd dangdut kang nambahi swasana tambah rame. Bendera abang putih
saka plastik digantung ngubengi lapangan. Ana uga bendera umbul-umbul. Spanduk
saka sponsor wis dipasang panitia
kang unine “Bangsa yang besar adalah bangsa yang menghagai jasa pahlawan dengan
kerja kerja dan kerja untuk mengisi kemerdekaan. Dirgahayu Republik Indonesia.”
Lomba sing
dianakake sore iki ana papat, yaiku balap karung, menthung banyu, mangan
krupuk, jupuk dhuwit ing semangka. Aku melu kabeh lomba ing sore iki. Nalika
balap karung aku ora tekan garis finis amarga tiba kesrimpet. Untunge awakku
ora papa. Yudo, Bisri, lan Duta sing menang lomba balap karung lanang. Dene
Tati, Yanti, lan Rini sing menang lomba balap karung wadon.
Lomba
menthung banyu luwih rame tinimbang balap karung. Sebabe ana peserta sing
menthunge kleru, dudu banyu sing digantung nanging menthunge penonton. Ana uga
kang mlakune kesasar. Wong-wong padha ngguyu kemekelen. Aku seneng sanajan ora
menang ing lomba iki.
Aku paling
cepet entek ing lomba mangan krupuk. Aku juwara 1, nganti jingkrak-jingkrak
saking senenge. Kanggo ngrayakake menang lomba iki, aku foto-foto selfi. Juwara
lorone Harun. Lha sing juwara telu jenenge Wiwin.Lomba pungkasan ing sore iki
yaiku jupuk dhuwit ing semangka. Semangka siji dirubung telung peserta.
Semangkane wis diwenehi coklat. Dhuwit receh ditlesep-tlesepake separo ing
semangka. Peserta rayahan dhuwit mau. Lambe, irung, pipi, bathuk glopot coklat.
Ing final aku entuk dhuwit rong ewu limang atus. Karmini entuk telung ewu. Dene
Daryani entuk sewu limang atus. Dadi aku juwara loro.
Mangkono
pengalamanku melu lomba 17 Agustus. Kadang kala aku mesem lan ngguyu dhewe
nalika mbuka foto lomba. Ana 19 foto selfi. Pengalaman iku nganti saprene isih
kelingan terus. Pengalamanku arep dakcritake marang kanca-kanca ing kelas.
wacan 2
Sawijining dina ing SMP N kuthaku geger, merga
sawenehe bocah jeneng Slamet kesurupan. Dheweke ngamuk maliki bangku lan
ngobrak-abrik ruwang sekolahan. Guru- guru sing nyoba nyadharake ora kuwawa
nanggulangi, malah sing nyedhak padha dikipatake nganti kejlungup. Embuh
geneya, si Slamet sing ngiyeyet kok tenagane dadi tikel tekuk. Luwih medeni
maneh swarane dadi gedhe ngagor-agori, jarene sing weruh, Slamet kesambet
sawise pipis neng ngrumbulan mburi sekolahan.
Satengahe geger mau ndadak muncul Pak Mun, guru enom sing kawentar
seneng clelekan. Teka-teka langsung cluluk, “He, sapa iku ngamuk?”
“Aku Singalodra” wangsulane
dhemit sing nempeli Slamet.
“Pus! Singalondra sapa, neng kene ora ana sing jenenge Singalodra.
Kowe mesthi dhemit transmigrasi, ya?”
“Wis mbuh,
pokoke bocah iki kudu tak gawa merga kurang ajar wis nguyuhi aku!” “Gawanen
kana! Tur maneh kowe ya lucu, ana wong nguyuh kok ora ngalih, ya
kapokmu kapan, kuyuhan tenan!”
“Pokoke
nyawane bocah iki takjaluk!” panganceme dhemit mau. “Jaluken! Gawanen kana! Aku
ya ra butuh bocah ngeyeyet kaya ngono!”
Wangsulane pak Mun mantep. Dhemite meneng jur semanta njaluk getih, njaluk
daging, njaluk mata, mudhun-mudhune akhire
njaluk endhog.
“Crigis, ra njaluk-njalukan! Saiki kowe gelem ngalih apa ora? Yen
ora, takuyuhi maneh kowe ben klebus!” Sentake Pak Mun karo mbukak resletinge.
Lagi bae arep ngetokake barang wadine, si Dhemit sambat kapok njur ... cekekal,
si Slamet sadhar, tangi karo uceg-uceg mripat katon bingunge.
“Wis, wis lunga dhemite. Gene dieyeli bae kalah,” ujare Pak Mun
karo njegigis. Kanca guru liyane padha melu ngguyu senajan esih campur wedi.
Apa tumon, dhemit diancam arep diuyuhi kok ngacir Keweden!
0 comments:
Posting Komentar