ANOMAN DUTA
Wancine wis parak esuk, ing wetan katon cahyane Sang Hyang
Diwangkara abang sumirat ungup-ungup ing pucuking arga. Anoman puteg pikire
awit durung ketemu kang den upadi. Nuli mulat ana wewangunan gedhong kang
asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang endahe kepati- pati. Anoman mlumpat ing
wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono katon wanodya ayu kang sarirane
kuru aking, ngalosot ing lemah. Gelungane lukar nora dirawati, gimbal campur
kisma.. Lamat-lamat kapiyarsa pisambating karuna kang banget ngeres-eresi ati.
Lah punika ingkang winastan Taman Argasoka. Ing kono dununge Sang
Putri Mantili, ya Rekyan Sinta disingidake dening Prabu Dasamuka. Wus meh
sawarsa Sang Dewi ditrungku aneng Taman Argasoka, tinengganan dening wanodya
pulunane Dasamuka, putrane Gunawan Wibisana, kang sesilih Niken Trijatha.
Rekyan Sinta sadina-dina tansah karuna ngangen-angen marang rawuhe Sri
Ramawijaya, dene Trijatha tansah ngupaya nglelipur penggalihe Sang Dewi.
“ Nini Trijatha, kaya ngene rasane nalangsane uripku, sewu papa
sewu lara dadi sawiji. Aluwung tumekaning pati kalamun ora ketemu kalawan
garwaku Pangeran Ramawijaya. Dhuh
Nini,
nalika ingsun dedunung aneng wana Dhandhaka kalawan Pangeran Ramawijaya,
rasaning atiku kaya aneng swarga. Nanging ing samengko sanadyan dedunung aneng
Taman Argasoka kang kaluwih-luwih endahe, rasane kaya ing pasiksan. Tujune ana
sira Nini, kang tansah bisa nglelipur atiku kang rontang-ranting.”
Saben-saben Dewi Sinta sesambat kawelas asih, Trijatha tansah
nglelipur ngasih-asih, mbelani arawat waspa. Anoman isih singidan aneng pange
nagasari kemulan rembuyunge gegodhongan. Atine melu keranta-ranta mulat
cintrakane Putri Mantili lan Sri Ramawijaya kang wus sawetara pepisahan.
Dumadakan ana kang prapta, Prabu Dasamuka manjing ing Taman Argasoka mbebujuk
marang Rekyan Sinta, nyuwun lunturing sih.
“ Dhuh mirah pepujaning ati Rekyan Sinta, apa gunane sadina-dina
sira tansah sungkawa ngangen-angen marang si Rama, manungsa alasan tanpa guna,
ing samubarang sarwa kuciwa. Delengen kawibawaningsun, raja sugih wibawa,
kaloka ing donya, manungsa sajagad ora ana sing madha. Ayo Yayi, rewangana
mukti wibawa, kabeh raja brana bandha donya Ngalengka darbenana, Yayi. Upama
njaluka tumuruning widadari sakethi minangka abdinira, sayekti pun kakang bakal
nyembadani. “
Mireng wuwuse Prabu Rahwana , Rekyan Sinta sumaur sugal, “ Heh
Rahwana, ratuning buta gelah-gelahing bawana. Tanpa guna sira milut marang
Sinta, aluwung tumekaning pati tinimbang nuruti kekarepanmu kang nistha. Sira
nora prawira, nora wani adu arep kalawan Pangeran Rama, mung wani laku cidra
andhustha marang ingsun. Endi tandhane sira ngaku prawira lan sekti mandraguna?
Kang ana amung wujud buta awatak jirih ingah-ingih wedi getih. Heh Dasamuka,
aja ngimpi bisa nyaketi Rekyan Sinta. Menawa adreng sedyamu, sira daksupatani.
Kalamun maju sejangkah sikilmu pokah bumine bengkah! Menawa kena koksenggol,
busanaku bakal dak obong, kalamun kena kok gepok kulitku bakal dak beset,
Rahwana !!!”
Njola Prabu Dasamuka mireng wuwuse Dewi Sinta kang nglarakake ati.
Rekatak, narik candrasa arep ditamakake marang Sinta. Sang Dewi nora wedi
marang pangancame Rahwana, pedhes anggone muwus.
“ Dasamuka mara tibakna senjatamu, dudu prajurit yen sira nora
tegel merjaya Sinta. Sira nora pantes sinebut narendra, yen mentala ndedawa
sungkawa lan papa cintraka. Jer ingsun nora sudi nuruti sedyamu kang banget
nistha, mara age tamakna senjatamu marang dhadhaku heh Dasamuka!!!”
Lingsem Prabu Dasamuka mireng ngendikane Rekyan Sinta, nuli mundur
karo ninggal weling marang Trijatha supaya tansah ngrerimuk penggalihe Dewi
Sinta amrih gelem kagarwa.
Wanara Seta kang umpetan aneng rembuyunge pang nagasari wus nora
tidha-tidha yen wanodya ayu kuru aking iku Rekyan Sinta kang den goleki. Mudhun
saka pang mau Sang Anoman nuli ura-ura nyaritakake lelakone Sri Ramawijaya kang
nandhang prihatin, wiwit pisah karo kang garwa ya Dewi Sinta, nganti saiki
ketemu lan sabaya pati karo Prabu Sugriwa ratuning wanara.
Rampung Anoman anggone kekidungan nyaritakake lelakone Sri
Ramawijaya kang pisah lan ngupadi garwa kinasihe ndadekake erame Sang Dewi uga
Trijatha lan para cethi. Lagi iki ngerti
ana wanara wulune putih memplak, nyandhang kaya manungsa, kathik pinter
ngidung suarane ngumandhang angenganyut kalbu.
Dewi Sinta mireng tembange mau, temah mijil waspanira
keranta-ranta ing galih emut marang Sang Ramawijaya. Anoman mudhun saka pang
nagasari, laku dhodhok sila marikelu. Dewi Sinta andangu aris:
“ Mengko ta wanara seta, sira iku sapa? Solahira kaya manungsa,
kathik bisa ngidung nyaritakake lalakone Pangeran Ramawijaya? “
“ Dhuh Sang Kusuma, kula pun Anoman dutanipun Sri Ramawijaya.
Dening Sri Rama miwah Sang Kapindra Sugriwa kula kautus niti priksa kayuwanan
Paduka wonten Ngalengka ngriki. Ing samangke garwa paduka Sang Ramawijaya miwah
rayi paduka Sang Laksmana nyanggrah wonten ardi Maliyawan, rinatu dening bala
wanara. Sedaya sampun samapta wonten Maliyawan, badhe nglurug dhateng
Ngalengka, Gusti.”
Dewi Sinta sajak cubriya, “ Mengko ta wanara seta, sira ngaku aran
Anoman dutane Pangeran Ramawijaya. Kuwi tenan apa mung kongkonane Rahwana kang
arep apus krama ? Awit nalika ingsun dicidra Rahwana, wektu semana angliwati
samodra kang jembar kaya tanpa wates, tangeh ana titah kang bisa nyusul kejaba
Peksiraja Garudha utawa angin. Pandugaku sira mesthi kongkonane Rahwana supaya
apus krama marang ingsun. “
“ Dhuh Gusti kula Putri Mantili, kula pun Anoman putranipun Sang
Hyang Bayu dewaning maruta, saestu dutaning Sri Ramawijaya. Menawi paduka
kirang pitaya, dening Sri Rama kula mundhi agemanipun sesupe, minangka tandha
bukti. Kula aturi nampi, Gusti. “
Rekyan Sinta nampani ali-ali kang diaturake Anoman. Kejot
penggalihe, runtuh waspane, ora pangling iki kalpika agemane ingkang raka.
Diagem ing jenthik manis katon logro, ngalih ing jejenthik isih tetep logro,
awit saka banget kuru sarirane Sang Dewi.
“ Heh Anoman, nyata sira duta kang sejati. Sakabehing aturira
minangka panglipuring manahingsun. Kalpika wus ingsun tampa, iki aturna marang
gustimu Pangeran Rama, cundhamanik kancing rikma agemaningsun, minangka tandha
yen sira wus ketemu kalawan ingsun. Lan iki aturna nawalaningsun marang
Pangeran Rama. “
Anoman nampani cundhamanik sarta nawala saka Dewi Sinta, nuli
nyuwun pamit sarwi ngaras padane Sang Dewi. Sadurunge mundur saka ngarsane Sang
Dewi, Anoman ninggal piweling.
“ Dhuh Gusti Putri Manthili, mugi lejara ing galih, sampun tansah
sungkawa. Boten dangu malih raka Paduka Sri Ramawijaya badhe rawuh ing
Ngalengka ngirit bala wanara. Nagari Ngalengka badhe dados samodra getih,
Rahwana kedah nyaur kadurjananipun, amargi sampun wantun damel kasangsaran
tumprap Sri Rama lan ugi paduka. “
( Sumber: Panjebar Semangat No. 31 lan 32 Agustus 2009, diowahi
sacukupe )
A.
Negesi Tembung
Kanggo
nambah kawruhmu bab tembung-tembung Jawa, golekana tegese tetembungan ngisor
iki!
1. Sang Hyang Diwangkara : srengenge
2. den upadi :
digoleki
3. lukar : udhar, ucul
4. kapiyarsa : keprungu
5. karuna : nangis
6. winastan : diarani, dijenengi
7. densingidake :
didhelikake, diumpetake
8. ditrungku : dikunjara
9. rawat waspa :
mripate kembeng-kembeng ngemu luh
10. cintraka : sengsara, susah
11. gelah-gelahing bawana :
rereged, leletheke jagad
12. andhusta : nyolong
13. candrasa : pedhang
14. sila marikelu :
lungguh tumungkul urmat banget
15. samapta : wis sadhiya, siap
16. maruta : angin
17. sesupe : ali-ali, kalpika
18. ngaras pada :
sumungkem ing sikil
19. lejar : mari
anggone susah


0 comments:
Posting Komentar