SANDIWARA JAWA
A. Naskah sandiwara
Ing wulangan sadurunge, para siswa wis nyinau babagan sandiwara
utamane lakon Ranggalawe Gugur. Sandiwara yaiku sawijining wujud karya sastra
sing diparagakake dening aktor. Kaya dene jenis karya sastra liyane, sandiwara
uga ngemot unsur-unsur intrinsik. Unsur- unsur intrinsik sing ana ing sandiwara
yaiku :
1.
Tema
Tema
yaiku gagasan pokok, ide, utawa pikiran utama minangka landhesan kanggo nulis
carita.
2.
Paraga
Paraga
yaiku kabeh pawongan kang ana ing sawijining carita. Ana sing dadi paraga utama
lan ana sing dadi paraga tambahan gumantung marang gedhe cilike peranan ing
carita mau.
3.
Watake paraga
Saben
paraga duwe watak dhewe-dhewe. Paraga protagonis adate duwe watak kang becik,
pinter, manut marang wong tua lan sipat-sipat becik liyane. Paraga antagonis
umume kadunungan watak kang ala, culika, ora duwe tata krama, lan
sapanunggalane. Ing sandiwara, watake paraga bisa dideleng saka polahe paraga
nalika dialog, ekspresine, isine
carita, lan tumindake paraga ing carita mau.
4.
Alur
Alur
yaiku urutane prastawa utawa kedadean kang ana ing carita sing nuduhake
hubungan sebab akibat.
5.
Latar
Latar
yaiku katrangan ngenani papan, wektu, lan swasana dumadine carita. Latar sing
ana ing sandiwara kang dipentasake umume sesambungan karo tata panggung
(dekorasi panggung), tata cahaya, lan tata swara.
6.
Amanat
Amanat yaiku pitutur becik kang
ana ing sajerone carita.
Naskah
sandiwara/drama wujude kaya daftar pacelathon / dialog. Digawe kaya kuwi
tujuane supaya gampang diapalake dening para paragane. Penonton bisa ngerti
isine drama saka pacelathon
lan solah
tingkahe para paraga. Mula panulise naskah drama sakliyane ngemot dialog becike
dikantheni pituduh/gambaran ngenani akting paraga lan gambaran seting / latar.
Crita
gancaran (crita cekak, upamane ) bisa dadi sumber panulise naskah drama. Bab
sing kudu digatekake nalika nulis naskah drama yaiku :
a. nganggo tandha titik dua ( : ) sawise nulis arane paraga,
diterusake nulis isine dialog
b.
dialog /
pacelathon paraga ditulis sak jerone tanda kutip ( “ “ )
c.
keterangan
akting / solah tingkahe paraga ditulis sak jerone tanda kurung ( )
d.
saben pacelathon paraga diwenehi nomor urut,
gunane kanggo nggampangake samangsa
– mangsa lali ngapalake dialog.
Nglisanake
naskah drama/sandhiwara supaya kasil kanthi becik kudu nindakake bab-bab ngisor
iki!
a. Naskah diwaca nganti dingerteni isine
b.
Paraga sing
arep dilakokake dibayangake kepriye watake, solah tingkahe lan kepriye
pacelathone.
c. Maca pacelathon kanti swara lan lagu sing trep
d.
Ngapalake
pacelathon banjur dilisanake bareng ekspresine lagu, wicara, polathan lan solah
tingkah.


0 comments:
Posting Komentar