Senin, 25 Agustus 2025
Piwulang 4
Upacara Adat Nyukur Rambut Gembel
Ana sawijining tradhisi sing saben taun dipengeti ing tlatah Wonosobo yaiku upacara adat nyukur rambut gembel. Upacara iki mung dipengeti ing tlatah Wonosobo awit pancen ana gegayutane karo sejarahe kutha iki. Kacarita, ing jaman biyen ana kyai cacah telu rawuh ing sawijining alas ( alas = wana ) sing saiki diarani Wonosobo. Kyai mau asmane Kyai Karim, Kyai Kaladite, lan Kyai Walik. Ya kyai telu mau sing mandhegani adeging kutha Wonosobo.
Dene singana gegayutane karo tata upacara adat nyukur rambut gembel yaiku Kyai Kaladite amarga panjenengane iku sing kajibah nggulawenthah bocah-bocah.Kyai Kaladite kagungan rikma sing dawa lan gembel. Sadurunge muksa paring pangandikan mangkene : “ Para sadulur, sapungkurku mengko, yen ana bocah sing rambute gembel, aja dimunasika, jalaran kuwi isih momonganku! “ Mula nganti wektu saiki, ing tlatah Wonosobo yen ana bocah sing rambute gembel, anggone nyukur kudu nganggo tata upacara adat amarga bocah kuwi kalebu bocah sukerta sing kudu diruwat. Yen ora diruwat, manut kapitayane masyarakat kono bocah rambut gembel mau bisa nuwuhake sambekala.
Nanging yen diruwat, bocah-bocah mau bakal ngrejekeni. Kajaba iku yen bocah-bocah rambut gembel iku dicukur tanpa diruwat dhisik, rambut sing thukul bisa gembel maneh lan bocahe tansah lelaranen.Kapan bocah rambut gembel iku bisa dicukur rambute ? Pranyata rambut gembel mau oleh dicukur yen bocahe wis nyuwun dhewe kepengin cukur. Biasane saliyane nyuwun dicukur, bocah mau uga duwe panyuwunan liyane sing kudu disembadani dening wong tuwane. Upamane nyuwun endhog, nyuwun gula jawa, utawa nyuwun ditanggapake ringgit purwa, lan liyane sing kala-kala panyuwunan mau ora klebu nalar. Yen panyuwunan iku ora dituruti, bocahe bisa lara lan angel diusadani. Mung eloke, lumrahe panyuwunan mau manut kekuatane wong tuwane.Ubarampe sing dicawisake kanggo upacara adat nyukur rambut gembel yaiku
1. Payung
2. Beras kuning
3. Baki sing dilambari mori putih karo gunting
4. Kembang telon sing diselehake ing tuwung
5. Tumpeng warna-warni ( tumpeng : megana, rasul, robyong, putih, lan bucu cilik )
6. Ingkung ayam Jawa
7. Bubur abang putih
8. Jajan pasar
Dene tata rakiting upacara kaya mangkene :
Sedina sadurunge upacara ruwatan, ubarampe sing diperlokake kanggo upacara ruwatan wis dicawisake wong tuwane si gembel ( sebutane bocah rambut gembel ). Ing dina sing wis pinilih sadurunge acara diwiwiti kabeh ubarampe ruwatan mau digawa ing Candi Arjuna. Sirahe bocah diblebet nganggo kain putih nganti bathuke ketutupan. Bocah gembel mau terus dikirab numpak dhokar, ditutake para penari lan barongsai. Kirabe ngubengi kampung lan Jalan Raya Dieng dipungkasi ing platarane Candi Arjuna.
Sawise kirab, terus dianakake siraman ing sumur Sendhang Sedayu sing mapan ing kompleks Candi Arjuna. Nalika mlebu ing sumur Sendhang Sedayu, bocah gembel mau dipayungi nganggo Payung Robyong lan dialing-alingi kain dawa ing sakupenge sendhang. Rampung kuwi, bocah dikanthi menyang papan kanggo nyukur ing kompleks candi. Bocah sing rambute gembel dipangku wong tuwane lan dijagari eyange, yen eyange isih sugeng. Sesepuh sing mandhegani upacara banjur ngendika : “ Ing dinten menika badhe mbucal sukeripun lare menika kanthi nyukur rambut ingkang gembel, pramila nyuwun restu dhumateng Kyai Karim, Kyai Kaladite, saha Kyai Walik supados tansah njangkungi dhumateng lare menika. “ Diterusake dedonga babarengan karo para rawuh. Sawise ndedonga, rambut sing gembel dikebuli menyan lan diwiwiti nyukur. Sing sepisanan nyukur yaiku sesepuh desa, disusul para sesepuh sing liyane.
Sasuwene nyukur, bocah mau kudu dipayungi lan dikepyuri beras kuning. Rampung kacukur, rambut gembel dibuntel nganggo kain mori putih terus dilarung ing Tlaga Warna sing mili menyang Kali Serayu terus menyang Segara Kidul nganti ing Samudra Hindia. Sawise kuwi bocah diutus maem jajan pasar lan daging ingkung sacukupe. Ora lali, barang sing dadi panyuwune bocah diparingake. Sing pungkasan, sawernane tumpeng sing wis sumadiya dienggo kembul bujana andrawina.
Nyukur rambut gembel iki ancas tujuane yaiku mbuwang sukertane bocah saengga uwal saka pamangsane Bathara Kala. Amarga manut kapitayan bocah sukerta iki ditunggoni jin, mula kanthi dicukur lan dilarung rambut gembele ateges wis nglungakake jin mau lan mbalekake menyang Segara Kidul ( Nyi Roro Kidul ).
B. Negesi Tembung Angel
1. dipengeti : dieling-eling kanthi nganakake acara ( diperingati, B. Ind )
2. gegayutan : sesambungan, gandhengane ( hubungane, B. Ind )
3. mandhegani : mimpin
4. kajibah : duwe jejibahan. duwe tugas
5. nggulawenthah : ngupakara, ngopeni
6. muksa : ilang, mati ilang sak ragane
7. dimunasika : diganggu gawe
8. bocah sukerta : bocah sing dianggep nandang bebendu/ alangan
9. diruwat : diluwari saka bebendu/ alangan
10. kapitayan : kapercayan
Piwulang 3
SANDIWARA JAWA
A. Naskah sandiwara
Ing wulangan sadurunge, para siswa wis nyinau babagan sandiwara
utamane lakon Ranggalawe Gugur. Sandiwara yaiku sawijining wujud karya sastra
sing diparagakake dening aktor. Kaya dene jenis karya sastra liyane, sandiwara
uga ngemot unsur-unsur intrinsik. Unsur- unsur intrinsik sing ana ing sandiwara
yaiku :
1.
Tema
Tema
yaiku gagasan pokok, ide, utawa pikiran utama minangka landhesan kanggo nulis
carita.
2.
Paraga
Paraga
yaiku kabeh pawongan kang ana ing sawijining carita. Ana sing dadi paraga utama
lan ana sing dadi paraga tambahan gumantung marang gedhe cilike peranan ing
carita mau.
3.
Watake paraga
Saben
paraga duwe watak dhewe-dhewe. Paraga protagonis adate duwe watak kang becik,
pinter, manut marang wong tua lan sipat-sipat becik liyane. Paraga antagonis
umume kadunungan watak kang ala, culika, ora duwe tata krama, lan
sapanunggalane. Ing sandiwara, watake paraga bisa dideleng saka polahe paraga
nalika dialog, ekspresine, isine
carita, lan tumindake paraga ing carita mau.
4.
Alur
Alur
yaiku urutane prastawa utawa kedadean kang ana ing carita sing nuduhake
hubungan sebab akibat.
5.
Latar
Latar
yaiku katrangan ngenani papan, wektu, lan swasana dumadine carita. Latar sing
ana ing sandiwara kang dipentasake umume sesambungan karo tata panggung
(dekorasi panggung), tata cahaya, lan tata swara.
6.
Amanat
Amanat yaiku pitutur becik kang
ana ing sajerone carita.
Naskah
sandiwara/drama wujude kaya daftar pacelathon / dialog. Digawe kaya kuwi
tujuane supaya gampang diapalake dening para paragane. Penonton bisa ngerti
isine drama saka pacelathon
lan solah
tingkahe para paraga. Mula panulise naskah drama sakliyane ngemot dialog becike
dikantheni pituduh/gambaran ngenani akting paraga lan gambaran seting / latar.
Crita
gancaran (crita cekak, upamane ) bisa dadi sumber panulise naskah drama. Bab
sing kudu digatekake nalika nulis naskah drama yaiku :
a. nganggo tandha titik dua ( : ) sawise nulis arane paraga,
diterusake nulis isine dialog
b.
dialog /
pacelathon paraga ditulis sak jerone tanda kutip ( “ “ )
c.
keterangan
akting / solah tingkahe paraga ditulis sak jerone tanda kurung ( )
d.
saben pacelathon paraga diwenehi nomor urut,
gunane kanggo nggampangake samangsa
– mangsa lali ngapalake dialog.
Nglisanake
naskah drama/sandhiwara supaya kasil kanthi becik kudu nindakake bab-bab ngisor
iki!
a. Naskah diwaca nganti dingerteni isine
b.
Paraga sing
arep dilakokake dibayangake kepriye watake, solah tingkahe lan kepriye
pacelathone.
c. Maca pacelathon kanti swara lan lagu sing trep
d.
Ngapalake
pacelathon banjur dilisanake bareng ekspresine lagu, wicara, polathan lan solah
tingkah.
Piwulang 2
A. Teks Wacan iki wacanen kanthi cetha!
Dhandhanggula
Laras Slendro Pathet 9
|
· · · · ·
6
· · ·
6 1 2 1 6
·
1656 6
Na - nging ke - dah gi - nung
- gung A - keh kang nga - ku a - ku
·
6 6 165 2 2 2 2 2 16
Dha - tan we - ruh yen keh nge - sem - i
Pang -
ra - sa
- ne sam - pun u - da - ni
6 1 1 1 1 1 1
Ha - mek
- sa ang
- rum -
pa - ka Tur
du - rung
wruh ing ra
- sa 6 6 6 6 61 65
Ba - sa kang ka - lan
- tur
Ra - sa kang sa
- tu - hu
5 6 1 2 2 2 2 2
Tu - tur kang ka - tu - la tu - la
Ra - sa - ne ra - sa pu - ni - ka
2 2 1
16 6 6 6 6 6 1 2 2
·
Ti - na
- la - ten ri
- nu - ruh ka - la - wan ri - rih
|
· ·
Mrih pa
- dhang - ing sas - mi - ta ing ka - u - ri - pan - i - ra
B. Paugerane Tembang Macapat
Tembang macapat iku duwe
paugeran kang ngiket minangka titikane puisi Jawa tradhisional, kayata :
1.
Guru gatra : cacahing
gatra utawa larik saben sapada (sa-bait) tembang.
2.
Guru wilangan: cacahing wanda
(suku kata) saben salarik.
3.
Guru lagu : tibaning
swara ( a, i, u, e, lan o ) ing pungkasaning
larik.
Tembang macapat cacahe kabeh ana 11, paugerane
beda-beda ora ana sing padha. Gatekna paugerane tembang macapat ing ngisor iki
!
No |
Arane Tembang |
Guru gatra |
Guru wilangan
lan guru lagune tembang |
|||||||||
1 |
2 |
3 |
4 |
5 |
6 |
7 |
8 |
9 |
10 |
|||
1. |
Pocung |
4 |
12u |
6a |
8i |
12a |
|
|
|
|
|
|
2. |
Maskumambang |
4 |
12i |
6a |
8i |
8a |
|
|
|
|
|
|
3. |
Gambuh |
5 |
7u |
10u |
12i |
8u |
8o |
|
|
|
|
|
4. |
Megatruh |
5 |
12u |
8i |
8u |
8i |
8o |
|
|
|
|
|
5. |
Kinanthi |
6 |
8u |
8i |
8a |
8i |
8a |
8i |
|
|
|
|
6. |
Mijil |
6 |
10i |
6o |
10e |
10i |
6i |
6u |
|
|
|
|
7. |
Asmarandana |
7 |
8i |
8a |
8e |
8a |
7a |
8u |
8a |
|
|
|
8. |
Pangkur |
7 |
8a |
11i |
8u |
7a |
12u |
8a |
8i |
|
|
|
9. |
Durma |
7 |
12a |
7i |
6a |
7a |
8i |
5a |
7a |
|
|
|
10 |
Sinom |
9 |
8a |
8i |
8a |
8i |
7i |
8u |
7a |
8i |
12a |
|
11. |
Dhandhanggula |
10 |
10i |
10a |
8e |
7u |
9i |
7a |
6u |
8a |
12i |
7a |
C. Watak lan Sasmitane Tembang
Saliyane kudu ngugemi
paugeran ing dhuwur, yen arep ngarang tembang macapat uga perlu mangerteni yen
tembang macapat nduweni watak sing beda-beda.
1.
Pocung : watake kendho, kanggo sembranan, guyon,
cangkriman lsp.
2.
Maskumambang : watake nalangsa, kanggo medharake rasa prihatin
3.
Gambuh : watak wani, wanuh, kulina, lan rumaket
4.
Megatruh : watake sedhih, kanggo medharake rasa memelas,
getun, prihatin.
5.
Kinanthi : watak seneng, tresna, asih
6.
Mijil : watake gandrung lan sengsem marang ilmu lan kaluhuran.
7.
Asmarandana : awatak sedhih, sengsem, prihatin
amarga kataman asmara.
8.
Pangkur : watake sereng, nantang, kanggo mituturi.
9.
Durma : watake galak, nantang, nesu , muntab.
10. Sinom :
watake grapyak semanak, sabar
11. Dhandhanggula : watake
luwes, kewes, lan resep
Sasmitaning tembang.
Tembang macapat kang kanggo
ing kasusastran adate ora diwenehi jenenge tembang apa. Kanggo ngerteni,
migunakake sasmita.
Ing tembang pocung gatra
sepisan pada sepisan: Bapak pocung dudu
watu dudu gunung.. Tembung pocung nyasmitani yen tembang sing lagi
diwaca pocung.
Sasmita tembang liyane:
Pucung :
kluwak, ancung, tetembungan wanda cung.
1)
Maskumambang : kambang, kentir, timbul.
2)
Gambuh : mbuh, wimbuh, jumbuh, tambuh.
3)
Megatruh : pegat, dudukwuluh,
truh.
4)
Kinanthi : kanthi, akekanthen, gandheng, kanthet.
5)
Mijil : metu, wetu, wiyos, rarasati, sulastri.
6)
Asmaradana : asmara, kingkin, kasmaran, brangta,
brangti, sedhih,
7)
Pangkur : yudakanaka, mungkur, wuntat, wuri, tembung wanda kur.
8)
Durma : mundur, galak, tetembungan wanda dur.
9)
Sinom : srinata, roning kamal, pangrawit, logondhang,
anom, weni, mudha, rema, truna.
10) Dhandhanggula : manis, hartati, gula, kagakresna, sarkara, madu,
dhandhang, gagak.
D. Nulis Tembang Macapat
Nulis utawa ngarang tembang macapat ora angel, gatekna
pituduh ing ngisor iki :
1. Nemtokake tema.
Luwih dhisik temtokna
temane. Banjur pilihen tembang sing watake cocok karo tema pilihanmu.
2.
Milih tetembungan jumbuh karo tema
Tetembungan mau dirangke
dadi ukara-ukara kanthi nggatekake paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru
lagune tembang.
3.
Supaya luwih gampang, anggone
ngarang bisa karo ditembangake saengga bisa
mengerteni tembung sing dipilih wis cocok apa durung karo lagune.
4.
Garba utawa nyuda cacahing
wanda bisa kanggo mbiyantu njumbuhake guru
wilangan Tuladha:
nara + iswari = nareswari
ratu + agung = ratwagung
5. Baliswara yaiku rerangkening tembung ingkang nyebal saking paugeran
awit kangge njangkepi guru lagu. Baliswara utawa susun walik bisa kanggo
mbiyantu njumbuhake guru lagu. Tuladha:
Anoman sampun malumpat dadi
Anoman malumpat sampun (kinanthi)
6.
Sandiasma yaiku asmanipun
panganggit ingkang dipunsingitaken ing salebeting sekar. Sandiasma saged mapan
ing awal pupuh, awal pada, awal gatra, pedhotan, wanda awal tembung, gatra, akhir gatra. Tuladha: ing Serat Ajipamasa
RA-sikaning sarkara kaesthi,
DEN-nya kedha mamardi
mardawa, NGA-yawara puwarane,
BE-la-belaning kalbu,
I-nukarta niskarteng gati,
RONG-as rehing ukara, Ga-garanirantuk,
WAR-ta wasitaningkuna,
SI-nung tengran:”sembah
trus kaswareng bumi” TA-litining carita