Minggu, 24 Agustus 2025

Piwulang 4

 

A.      Wacanen lan semaken tuladha pengalaman pribdi ing ngisor iki!

wacan 1

Lomba 17 Agustus


Esuk kuwi srengenge nuduhake cahya kang padang tanpa ana sing ngaling-ngalingi. Manuk-manuk padha muni kaya ngaturake salam marang mahluke Gusti kang esuk kuwi wis semlikut tumandang nyambut gawe. Sawah katon teles, mratandani banyu mbun durung ilang saka damen. Hawane seger, krasa banget tekan paru-paru nalika aku nyerot ambegan. Swasana esuk kuwi jan penak banget.

Kira-kira limalas menit aku ngadeg nggejejer ing ngarep jendela kanggo ngrasakake segere esuk. Ujug-ujug saka jero omah ibuku mbengok-mbengok,

“Saa..., cepetan mudhun, adus, sarapan, mangkat sekolah, wis awan!” “Sekedhap Bu, taksih enjang kok.”

“Esuk? Delok jam!”

“Inggih, Bu. Kula mandhap badhe adus.” “Iya cepetan, iki ibu wis gawe sega goreng.”

Bar adus aku tata-tata nganggo seragam sekolah, jungkatan, wedakan lan nyemprot parfum. Ibuku wis ngenteni ing meja dhahar,

“Iki lho sega gorenge, wis dak cepakake wiwit mau.” “Inggih Bu, kula telasake.”

“Nah bener kuwi, yen mangkat sekolah apike sarapan dhisik, ben bisa konsentrasi sinau ing sekolah.”

Karo sarapan aku matur marang ibu manawa mengko sore arep melu lomba-lomba mangayubagya 17 Agustus.

Wayah sore bocah-bocah wis padha kumpul ing lapangan voli. Rame banget swarane. Panitia lomba nyetel dvd dangdut kang nambahi swasana tambah rame. Bendera abang putih saka plastik digantung ngubengi lapangan. Ana uga bendera umbul-umbul. Spanduk saka sponsor wis dipasang panitia kang unine “Bangsa yang besar adalah bangsa yang menghagai jasa pahlawan dengan kerja kerja dan kerja untuk mengisi kemerdekaan. Dirgahayu Republik Indonesia.”

Lomba sing dianakake sore iki ana papat, yaiku balap karung, menthung banyu, mangan krupuk, jupuk dhuwit ing semangka. Aku melu kabeh lomba ing sore iki. Nalika balap karung aku ora tekan garis finis amarga tiba kesrimpet. Untunge awakku ora papa. Yudo, Bisri, lan Duta sing menang lomba balap karung lanang. Dene Tati, Yanti, lan Rini sing menang lomba balap karung wadon.

Lomba menthung banyu luwih rame tinimbang balap karung. Sebabe ana peserta sing menthunge kleru, dudu banyu sing digantung nanging menthunge penonton. Ana uga kang mlakune kesasar. Wong-wong padha ngguyu kemekelen. Aku seneng sanajan ora menang ing lomba iki.

Aku paling cepet entek ing lomba mangan krupuk. Aku juwara 1, nganti jingkrak-jingkrak saking senenge. Kanggo ngrayakake menang lomba iki, aku foto-foto selfi. Juwara lorone Harun. Lha sing juwara telu jenenge Wiwin.Lomba pungkasan ing sore iki yaiku jupuk dhuwit ing semangka. Semangka siji dirubung telung peserta. Semangkane wis diwenehi coklat. Dhuwit receh ditlesep-tlesepake separo ing semangka. Peserta rayahan dhuwit mau. Lambe, irung, pipi, bathuk glopot coklat. Ing final aku entuk dhuwit rong ewu limang atus. Karmini entuk telung ewu. Dene Daryani entuk sewu limang atus. Dadi aku juwara loro.

Mangkono pengalamanku melu lomba 17 Agustus. Kadang kala aku mesem lan ngguyu dhewe nalika mbuka foto lomba. Ana 19 foto selfi. Pengalaman iku nganti saprene isih kelingan terus. Pengalamanku arep dakcritake marang kanca-kanca ing kelas.


                                                                wacan 2





Sawijining dina ing SMP N kuthaku geger, merga sawenehe bocah jeneng Slamet kesurupan. Dheweke ngamuk maliki bangku lan ngobrak-abrik ruwang sekolahan. Guru- guru sing nyoba nyadharake ora kuwawa nanggulangi, malah sing nyedhak padha dikipatake nganti kejlungup. Embuh geneya, si Slamet sing ngiyeyet kok tenagane dadi tikel tekuk. Luwih medeni maneh swarane dadi gedhe ngagor-agori, jarene sing weruh, Slamet kesambet sawise pipis neng ngrumbulan mburi sekolahan.

Satengahe geger mau ndadak muncul Pak Mun, guru enom sing kawentar seneng clelekan. Teka-teka langsung cluluk, “He, sapa iku ngamuk?”

“Aku Singalodra” wangsulane dhemit sing nempeli Slamet.

“Pus! Singalondra sapa, neng kene ora ana sing jenenge Singalodra. Kowe mesthi dhemit transmigrasi, ya?”

“Wis mbuh, pokoke bocah iki kudu tak gawa merga kurang ajar wis nguyuhi aku!” “Gawanen kana! Tur maneh kowe ya lucu, ana wong nguyuh kok ora ngalih, ya

kapokmu kapan, kuyuhan tenan!”

“Pokoke nyawane bocah iki takjaluk!” panganceme dhemit mau. “Jaluken! Gawanen kana! Aku ya ra butuh bocah ngeyeyet kaya ngono!”

Wangsulane pak Mun mantep. Dhemite meneng jur semanta njaluk getih, njaluk

daging, njaluk mata, mudhun-mudhune akhire njaluk endhog.

“Crigis, ra njaluk-njalukan! Saiki kowe gelem ngalih apa ora? Yen ora, takuyuhi maneh kowe ben klebus!” Sentake Pak Mun karo mbukak resletinge. Lagi bae arep ngetokake barang wadine, si Dhemit sambat kapok njur ... cekekal, si Slamet sadhar, tangi karo uceg-uceg mripat katon bingunge.

“Wis, wis lunga dhemite. Gene dieyeli bae kalah,” ujare Pak Mun karo njegigis. Kanca guru liyane padha melu ngguyu senajan esih campur wedi. Apa tumon, dhemit diancam arep diuyuhi kok ngacir Keweden!


Piwulang 3

 


 

Kacarita ing jaman mbiyèn ana wong saka Tanah Hindhustan anom jenengé Aji Saka. Dhèwèké putrané ratu, nanging kepéngin dadi pandhita sing pinter. Kasenengané mulang kawruh rupa-rupa. Dhèwèké banjur péngin lunga mencaraké ngèlmu kawruh ing Tanah Jawa.

Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdiné papat sing jenengé Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi padha lèrèn. Aji Saka banjur nilar abdiné loro; Dora lan Sambada ing pulo iku.Déné Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora olèh lunga saka kono. Saliyané iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakané, didhawuhi ngreksa, ora olèh dielungaké marang sapa-sapa.

Aji Saka banjur tindak karo abdiné loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing negara Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Déwata Cengkar. Sang prabu iku senengané dhahar dagingé wong. Kawulané akèh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihé ngaran Kyai Tengger.

Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi siswané. Para siswané padha tresna marang Aji Saka amerga dhèwèké seneng tetulung.

Nalika semana Aji Saka mondhok nèng omahé nyai randha Sengkeran dipèk anak karo nyai randha. Kyai patih karo nyai randha iya wis dadi siswané Aji Saka.

Anuju sawijining dina sang prabu Déwata Cengkar duka banget ora wong manèh sing bisa didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosaké sang nata dadi dhaharané.

Sang nyai randha lan patih dadi kagèt banget. Nanging Aji Saka celathu yèn wong loro iku ora usah kuwatir yèn dhèwèké ora bakal mati. Banjur Aji Saka diateraké ngadhep prabu Déwata Cengkar.

Prabu Déwata Cengkar ya rumangsa éman lan kersa ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana siji panyuwuné, ya iku nyuwun lemah saiket jembaré. Sing ngukur kudu sang prabu dhéwé.

Sang prabu Déwata Cengkar iya banjur nglilani. Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhéwé. Iketé Aji Saka dijèrèng. Iketé tansah mulur baé, dadi amba serta dawa. Iya dituti waé déning sang prabu. Nganti notog ing segara kidul. Bareng wis mèpèd ing pinggir segara, iketé dikebutaké. Déwata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul.

Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratuné sing diwedèni wis sirna. Seka panyuwuné wong akèh. Aji Saka nggantèni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk prabu jaka, iya prabu Widayaka. Déné patihé isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadèkaké bupati, ngarané tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga.

Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada. Kacarita sang prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih serta para bupati. Sang prabu kèngetan abdiné sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi. Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriyé wartané si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwé ora krungu apa-apa.

Kacarita si Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi. Wong loro iku wis padha krungu pawarta manawa gustiné wis jumeneng ratu ana ring Mendhung Kamolan. Si Dora ngajak sowan nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewaleré gustiné, ora pareng lunga-lunga seka pulo Majethi, yèn ora tinimbalan.

Nanging si Dora nékad arep sowan dhéwé. Si Sambada ditilapaké. Banjur mangkat ijèn waé. Ana ing dalan si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro mau banjur diajak bali déning si Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem. Wong telu banjur sowan ing ngarsané sang prabu.

Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan diwangsuli yèn dhèwèké ora gelem diajak. Mireng aturé si Dora, sang prabu duka banget, lali dhawuhé dhéwé mbiyèn. Banjur

Dora, didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan nimbali si Sambada. Yèn meksa ora gelem didhawuhi dirampungi lan kerisé dibalèkaké.

Dora sanalika mangkat. Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yèn mentas sowan gustiné. Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging si Sambada ora ngandel marang kandhané si Dora. Banjur padha padu ramé. Suwé-suwé padha kekerangan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayané. Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perangé sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabèh.

Sang Prabu ngarep-arep tekané si Dora. Wis sawetara suwéné teka durung sowan- sowan mangka didhawuhi énggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga. Didhawuhi nusul si Dora menyang pulo Majethi. Sanalika banjur mangkat.

Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kagèt banget déné si Dora lan si Sembada ketemu wis padha mati kabèh. Tilasé mentas padha kekerangan padha tatu kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumléthak ana ing sandhingé. Pusaka banjur dijupuk arep diaturaké marang gustiné.

Duduga lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsané gustiné lan mratélaké kahanané. Sang Prabu Widayaka kagèt banget mireng pawarané, awit pancèn kaluputané dhéwé wis kesupèn pandhawuhé. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mèngeti abdiné loro iku. Dene aksara mau unine :

"Hana caraka" tegesé "Ana utusan" "Data sawala" tegesé "Padha garejegan"

"Padha jayanya" tegesé "Padha digjayané" "Maga bathanga" tegesé "Padha dadi bathang".


Piwulang 2

 

       

SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR


 

Kathah Kapustakan Jawi tetilaranipun para leluhur ingkang isi piwulang utami, ngewrat pitutur pitedhah ingkang pantes tinepa tinuladha, minangka gegaran paugeraning agesang.

Ingkang dipunwastani kapustakan Jawi inggih punika sedaya serat-serat carita ingkang ngangge basa Jawi. Ing kapustakan Jawi serat –serat punika kaperang dados :

1.       Serat-serat Jawi kina ingkang golongan sepuh kados Serat Ramayana, serat Candra karana, serat Bharatayudha lan sapanunggalanipun.

2.       Serat-serat Jawi kina ingkang golongan enem kados serat Negarakertagama, Sutasoma, Tantu Panggelaran lan sapanunggalanipun.

3.       Serat-serat Jawi ing jaman Surakarta awal kados serat Babad Giyanti, serat Menak, serat Wulangreh lan sapanunggalanipun.

Serat Wulangreh anggitanipun Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV, dhapukaning basanipun limrah, tetembunganipun wantah, prasaja lan lugu, gampil dipuntampi utami dipunmangertosi, kamangka suraosipun tetep panggah adi luhung.

Awit saking punika boten nama aneh menawi ing jagad kejawen Serat Wulangreh punika kajuwara sanget, jalaran :

1.           Isinipun ngemot piwulang kasaenan, ingkang kenging kangge gondhelan netepi darmaning gesang.

2.           Dhapukaning basanipun limrah, tembung-tembungipun wantah, boten adakik- dakik, ceplas-ceplos genah ; ingkang makaten punika wau nggampilaken panampining suraos.

3.           Pujangganipun priyagung luhur ingkang pantes pinundhi-pundhi, ingkang mberkahi lan nyawabi ing jagading gesang bebrayan Jawi, inggih punika Kanjeng Susuhunan Paku Buwana IV, ingkang kasuwur lurus ing budi, wimbuh bagus ing rupa.

Isinipun Serat Wulangreh kenging keringkes makaten

1.       Piwulang caranipun tiyang milih guru.

2.       Piwulang caranipun tiyang milih sesrawungan.

3.       Piwulang sampun ngantos sanget-sanget nggadhahi wewatakan : adigang, adigung lan adiguna.

4.       Piwulang bab tatakrama lan sanes-sanesipun.


Jangkepipun pupuh pangkur mekaten:

Teks Pangkur ing serat Wulangreh Pada 1

Kang sekar pangkur winarna, lelabuhan kang kanggo wong ngaurip, ala lan becik puniku,

prayoga kawruhana,

adat waton puniku dipunkadulu, miwah ingkang tata krama,

den kaesthi siyang ratri.

Terjemahan bebas basa Jawa ngoko

Terjemahan bebas basa Indonesia

Wewarah/piwulang kaemot ing tembang pangkur, prayogane kok mangerteni, bab pengabdian marang panguripan, ala lan becik, adat lan aturan perlu uga kok mangerteni,

saben dinane aja padha nglalekake tata krama.

Nasehat ini dimuat dalam tembang Pangkur, seyogyanya kamu memahami hakikat pengabdian bagi kehidupan, tentang baik buruk, adat dan aturan juga perlu diketahui, tiap hari jangan lupakan tata krama.

Teks Pangkur ing serat Wulangreh Pada 2

 

Deduga lawan prayoga, myang watara riringa awya lali,

iku parabot satuhu, tan kena tininggala,

tangi lungguh angadeg tuwin lumaku, angucap meneng anendra,

duga-duga nora kari.

 

Terjemahan bebas basa Jawa ngoko

Terjemahan bebas basa Indonesia

 

Nenimbang sadurunge tumindak, nenimbang bab-bab sing apik, ngira- ngira apa sing arep ditindaake, ngati- ati ngadhepi sakabehene kang durung mesthi, aja nganti lali parabot kuwi lan ora kena dilaleake embuh iku

nalika lungguh, ngadeg, mlaku, ngomong, meneng lan nalika turu.

Mempertimbangkan sebelum bertindak, mempertimbangkan hal-hal yang baik, mengira-ira apa yang akan dilakukan, berhati-hatilah, tidak boleh kau lupakan, baik ketika sedang duduk, berdiri berjalan, berbicara, diam maupun tidur.

 



 

 A.    Daftar tembung-tembung kang angel

1.   winarna         : diceritakake

2.   prayoga         : apik, becik, nenimbang bab-bab sing apik

3.   deduga          : nenimbang sakabahane sadurunge tumindak

4.   watara           : ngira-ira, mikir-mikir apa sing arep ditindaake

5.   reringa           : ngati-ati jalaran ngadhepi sakabehane kang durung mesthi

6.    kadulu          : deleng

7 . riringa            : kanthi pangati-ati amarga sujana ( ora percaya )

8.     awya             : aja

9.     nenda            : turu

10.   muwah         : lan, tur,kari, maneh


Pokok-pokok isi serat Wulangreh Pupuh Pangkur


Tiyang gesang punika kedah saged mbedaaken saha nyumerepi “ awon “ tuwin “ sae  “ sarta tansah nglenggahana “ tatakrama “.

Prabotipun tiyang gesang ingkang boten kenging dipuntilar inggih punika

-  deduga ( nenimbang sedayanipun sadurungipun tumindak )

-  prayoga ( sae, nenimbang bab-bab ingkang sae )

-  watara ( ngukur, menggalih menapa ingkang badhe dipuntindaaken )

-  reringa ( ngatos-atos amargi ngadhepi sedaya ing kang dereng mesthi )

 

Tiyang tangi, lungguh, ngadeg, lumampah, gineman, mendel, tilem sarta sabarang damel prakawis ageng alit, kangge ing sadinten-dinten, rinten dalu,ing kutha menapa dene ing dhusun, sadaya titah ingkang sami ambegan, sampun ngantos nilar sakawan bab kasebut.

Wewatakaning manungsa ingkang pinter, ingkang bodho, luhur, asor, mlarat, sugih, ngulama, maksiyat, kendel, ajrih, punapa malih tiyang ingkang saestu nyumerepi, jalera- estria sami kemawon, sedaya wau katitik saking “ laku, linggih, solah, muna lan muni- muni.

Ing Jaman samangke kathah tiyang ingkang gadhah watak : drengki,srei, dora, iren, meren, dahwen, panasten, muthakil, besiwit, awoning sanes dipunudhal-udhal, saenipun dipuntutupi, nanging saenipun piyambak dipunumukaken, boten rumaos bilih awonipun piyambak kathah sanget, tiyang makaten punika kalebet tiyang ingkang “durjana murka “ tegesipun tiyang ingkang jahat, boten gadhah pamarem, ngumbar amarah, boten kenging kasoran, pangraosipun boten wonten tiyang ingkang myameni (madhani), tiyang kados makaten boten kenging dipuncelaki.

Awit saking punika sampun ngantos katempelan wewatekan kados makaten wau tansah samia ngudi lelabuhan ingkang pantes dipuntuladha.


Jumat, 22 Agustus 2025

Piwulang 1

 

           

                                                                               


Wacan naratif yaiku wacan kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kanthi urutan waktu menyang waktu kang dijlentrehake kanthi urutan awal, tengah, lan akhir. Pamaos kaya – kaya nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Utawa wacan kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning prastawa, kang winates ing sajroning wektu. wacana narasi iku adate duwe perangan pokok yaiku kedayean, paraga, lan konflik.

Ciri utawa titikane wacan narasi iku:

a.     Isi bab carita prastawa utawa kedaden.

b.     Wacan narasi iku duwe unsur tokoh/paraga, prastawa, wektu.

c.     Wacan narasi bisa awujud fiksi lan nonfiksi.

d.     Wacan narasi iku duwe tujuan nuwuhake kesan utawa pengalaman kanggo sing maca.

Wujude wacana Narasi kaya ngisor iki:

1.       Narasi Informatif

Wacan narasi informatif iku biasane duwe tujuan menehi informasi kanthi trep ngenani sawijining prastawa kanthi maksud njembarake seserepan prastawa marang wong liya.

2.        Narasi Ekspositoris

Narasi Ekspositoris yaiku wacana kang mung menehi katrangan lugu/ apa anane.

Upamane : Siswa nyeritakake kedadeyan ana ing jero kelas nalika piwulangan Basa Jawa. utawa kanca nyritakake kedadeyan kang diweruhi nalika dolan.

3.     Narasi Artistik

Wacan narasi artistik iku wujud karangan kang duwe maksud lan tujuan khusus, biasane arupa amanat marang pamaos kaya-kaya nyekseni dhewe prastawa kanthi langsung.

4.     Narasi Sugestif

Narasi sugestif yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pangangen – angene wong kang maca.

Upamane : dongeng , cerkak, novel, roman.

 

A.    Pasinaon 1

Wacanen teks narasi kang awujud cerkak iki lan tulisen tegese tembung-tembung ing ngisor wacan!

Nguber Layangan Pedhot



Saben awan nganti sore wayah ketiga ing lapangan ngarep omahe Toni rame bocah padha layangan. Ing omahe, Toni bukak warung adol layangan karo kebutuhan liyane kaya kertas, bolah lan gulungan. Rega layangan kuwi murah mung Rp. 1.000. Sinambi jaga warung, ibuke ya gawe balungane layangan, yen wis akeh disetor menyang pengepul.

Saben dina ndeleng carane nggawe layangan, Toni wusanane uga bisa nggawe dhewe. Malah luwih apik ketimbang gaweyane wong tuwane. Layangane Toni diwenehi kembangan werna-werni, diwenehi buntut dawa, dimodel kapal, lan digambari kartun. Satemene mung dinggo dolanan dhewe nanging yen ana kancane sing kepingin ya bisa pesen.

“Ton, aku pesen layangan gambar buta melet kaya duwekmu sing menang kuwi ya?” pitakone Zaki.

“Menang dudu perkara layangane tapi bolahe. Yen gelasane landhep menang nggo sambitan. Buta melet kuwi kowe wani pira?” Toni nerokake iklan ing TV

 

 

“Piye yen 5000? Mengko aku tuku bolahe ing warungmu pisan,” wangsule Zaki. “Oke. Yen wis rampung mengko dak terake menyang omahmu,” tandhese Toni.

Gawe rancangane, pring diirat cilik-cilik dawa nganti alus watarane kanan kirine iratan pring mau kudu imbang. Ana balungan loro, sing ngadeg karo sing malang. Nanging sing malang ndelehe ing ndhuwur kira-kira saprolimane pring sing ngadeg. Banjur kekarone ditaleni dadi siji. Sabanjure ditempeli kertas kang wis dilim, dadi wis layangan mau. Yen wis dadi bisa diwenehi kembangan kaya buntut dawa, suwiwi, utawa ditempleki gambar.

Awan iku Toni lagi layangan. Angin gedhe maburake layangane nganti dhuwur. Ditarik-tarik karo bolah kang dadi setire. Panase srengenge ora dirasa bocah sing dolanan amarga padha keselimur rasa seneng. Sriwing-sriwing angin ngelus-elus rambute Toni sing lurus dipiyak tengah model mandarin. Yen akeh sing layangan mula langit dadi saya endah, kaya manuk miber werna-werni. Yen ana layangan pedhot, bocah ing lapangan padha nututi arep rebutan. Mlayu kesit karo ndhangak tumuju panggonan cebloke layangan kuwi, kadhang ana sing kesandhung nganti tiba. Sing nguwatirake yen mlayu ing dalan gedhe ora tolah-toleh bisa-bisa ketabrak montor.

Ora suwe ana layangan pedhot maneh, akeh bocah mlayu nututi. Nanging layangan kuwi nyangsang ing cagak listrik. Bolahe nglewer ing kabel lan wit gedhe. Zaki nggawa gantar dawa, layangane disenggek nganti kena. Udin menek wit mau nggoleki pedhotane bolah arep ditarik ben layangane kena. Ngerti kaya mangkono bapake Toni sing lagi ing omah, metu marani bocah kuwi.

“Zaki, kuwi listrik le, yen konslet trus kobongan piye?” pituture. Bapake nuturi kabeh bocah kang ana. “Udin, ayo mudhun. Mengko tiba lho!” tambahe. “Layangan kuwi regane murah tapi yen pedhot dadi rebutan. Apa sing kowe tindakake kuwi bahaya mung jalaran rebutan barang sing sepele,” imbuhe.

Yen dolanan layangan kudu ing lapangan utawa pekarangan jembar lan adoh saka kabel. Ora kena nyepelekake ing latar omah dhempet-dhempetan, apamaneh ing pinggir embong dalan gedhe. Ing desane Toni tau ana bocah nguber layangan nganti kejeglong ing pawuhan kang mentas dinggo bakaran. Bocahe mlonyoh sikile.

Saben ibuke Toni nyapu latar, kerep mrangguli yen sapune kejiret bolah layangan.

Yen wis ngono iku angel jupukane, kadhang malah bisa nyerimpeti sikil.

Bakda ashar Toni mulih saka dolanan. Ibuke isih nyapu, bapake lungguh ing emperan. “Yen ana layangan pedhot kowe ora usah melu nututi ya le. Layangan kuwi regane

murah tapi yen pedhot mesthi dadi rebutan, apa sebabe?” pitakon bapake. “Sebabe layangane sae,” wangsule Toni.

“Dudu kuwi,” jawabe bapake.

“Sebab gratis, ora usah tuku,” jarene Toni maneh.

“Uga dudu,” jawabe bapake maneh. “Ngene lo. Sebabe kuwi satemene merga beda rasane. Senajan murah tapi yen asile saka rebutan kuwi ana rasa bangga dhewe tinimbang tuku. Iya ta?” pitutur bapake.

Toni mung meneng.

“Mula kowe ya kudu bisa nguber cita-citamu senajan rekasa supaya sukses lan mongkogake wong tuwa,” tambahe ibuke.

“Inggih Pak, Buk!” jawabe Toni. Dheweke isih tetep meneng mikirake filosofi nguber layangan pedhot kuwi.


1.           Mangsuli pitakon nganggo basa karma




Unggah-ungguh basa ana werna loro yaiku:

1.                              Basa ngoko : basa kang digunakake kanggo wong sapadha-padha kang wis kulina banget (akrab banget) lan karo wong liya sing kaprenah nom. Basa ngoko ana werna loro yaiku ngoko lugu lan ngoko alus.

2.                              Basa krama : basa kang digunakake wong nom marang wong kang luwih tuwa. Basa krama ana werna loro yaiku krama lugu lan krama alus.

Yen kowe matur karo wong sing luwih tuwa, luwih apik yen matur nganggo basa krama alus. Upamane yen matur karo wong tuwa, bapak utawa ibu guru, simbah, lan sapanunggalane. Basa krama alus mau mratandhani yen kowe ngajeni utawa ngregani wong liya sing koajak omong-omongan.